Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 16:3 - Kitab Sutji

3 ature: “Adhuh, punapaa kula boten sami pejah kemawon dening astaning Pangeran Yehuwah wonten ing tanah Mesir, nalika sami ngadhep kuwali isi daging sarta roti ngantos tuwuk? Awit anggen panjenengan ngirid kula dhateng pasamunan punika, murih kula sapasamuwan punika sami pejah sadaya, margi saking kaliren.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 16:3
32 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu temah kaget lan sungkawa banget, nuli minggah menyang lotenging gapura, sarta banjur muwun. Sajrone tindak pangandikane mangkene: “Adhuh anakku engger Absalom, ngger, anakku Absalom! Bok luwung aku bae kang mati dadia lirumu. Adhuh Absalom, anakku, anakku!”


Sawuse mangkono Ayub banjur calathu, nyupatani dina kalahirane;


awit ora mbuntoni lawange guwa-garbaning ibuku, sarta ora ngaling-alingi kasusahan ana ing ngarepe mripatku.


Yagene wong papa diparingi pepadhang, lan kang prihatin kaparingan urip?


padha kaluwen lan kasatan, nyawane kasulayah banget.


Padha rasanan bab Gusti Allah mangkene: “Allah apa iya kuwasa nyedhiyani pangan ana ing ara-ara samun?


saben wong wus mangan roti malaekat; padha dikirimi sangu pangan nganti turah-turah.


sarta ature marang Nabi Musa: “Punapa amargi ing Mesir boten wonten kuburanipun, kula kok lajeng panjenengan bekta, supados sami pejah wonten ing pasamunan punika? Punapaa dene kula sami panjenengan damel makaten, panjenengan irid medal saking tanah Mesir?


Nanging sarehne wong-wong padha ngorong, mulane padha nggrundeli marang Nabi Musa, ature: “Kenging punapa kula sami panjenengan angkataken medal saking Mesir, njalari kula, anak-anak lan kewan kula sami pejah kasatan?”


Kacarita sawuse antara lawas Sang Raja ing Mesir seda. Nanging wong Israel isih sambat ngaru-ara, awit saka anggone padha dadi batur, mangka pangadhuhe kang jalaran saka aboting pagawean mau wus sumengka marang ing ngarsane Gusti Allah.


banjur padha matur mangkene: “Pangeran Yehuwah mugi nguninganana pandamel panjenengan sarta maringi paukuman dhateng panjenengan, margi panjenengan sampun sami ndadosaken bacin nama kula sadaya wonten ngarsanipun Sang Prabu Pringon saha para abdinipun, lan margi saking makaten panjenengan prasasat nyepengi lading dhateng tiyang-tiyang punika kangge mejahi kula.”


Sarta kok padha ora takon maneh: Ana ing ngendi Sang Yehuwah, kang ngirid kita metu saka ing tanah Mesir; kang nganthi kita ana ing ara-ara samun, ing tanah kang cengkar lan legak-legok, ing tanah kang luwih dening garing lan peteng, ing tanah kang ora diambah ing wong lan ora didunungi ing manungsa?


awit gagasanira: Ora! Aku arep mangkat menyang tanah Mesir, ana ing kana aku ora bakal ngalami paprangan, ora bakal krungu kalasangka lan ora ngrasakake luwe, lan aku bakal padha manggon ana ing kana!,


nanging kula sami badhe nglajengaken nindakaken punapa ingkang sampun kula ucapaken, inggih punika sesaji kurban dhateng raja putri ing langit lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng panjenenganipun, kados ingkang sampun sami kula lampahi, kula piyambak lan leluhur kula, punapadene para ratu saha pengageng kula ing kitha-kithanipun Yehuda lan ing lurung-lurungipun Yerusalem. Nalika samanten kula sami gadhah tetedhan cekap, kula sami rumaos begja lan boten ngalami karibedan.


Luwih begja kang kapupu ing pedhang, tinimbang kang mati kaluwen, kang ngenes lan mati marga tegale ora ana pametune.


Wondene manawi tangkep Paduka dhateng kawula kados makaten, inggih aluwung kawula Paduka pejahana kemawon, manawi kawula saestu pikantuk sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, supados kawula boten ngantos nyumerepi cilaka kawula.”


nanging nganti sesasi muput, nganti metu saka ing irungmu lan nganti kowe padha unek-uneken, marga kowe wus padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah kang ana ing tengahmu sarta padha nangis ana ing ngarsane kanthi pangucapmu: Apa ta prelune aku padha metu saka ing tanah Mesir?”


karodene padha ngedumeli marang Nabi Musa lan Imam Harun, sarta padha matur: “Adhuh bok inggiha kula sami pejah wonten ing tanah Mesir kemawon, utawi wonten ing pasamunan ngriki!


Punapaa dene kula sami dipun bekta dening Pangeran Yehuwah dhateng tanah ngriki supados sami tiwas dening pedhang, saha anak semah kula sami badhe dados tawanan? Punapa boten langkung prayogi kula sami wangsul kemawon dhateng tanah Mesir?”


Apa durung cukup anggonmu nggawa aku kabeh metu saka ing tanah kang luber puwan lan madu, arep kokpateni ana ing pasamunan, dene saiki kok isih bae anggonmu nguwasani marang aku kabeh.


Nanging esuke wong Israel saumat kabeh padha pating kedumel mapali marang Nabi Musa lan Imam Harun, ature: “Panjenengan ingkang sami mejahi umatipun Sang Yehuwah.”


banjur nglawan marang Gusti Allah lan marang Nabi Musa, pangucape: “Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanah Mesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki? Ing ngriki boten wonten roti lan boten wonten toya, mangka kula sampun sami bosen dhateng tetedhan ingkang boten wonten raosipun punika.”


Unjuke Rasul Paulus: “Kawula badhe ndedonga dhateng Gusti Allah, supados boten namung paduka kemawon, nanging ugi tiyang-tiyang sanes ingkang wonten ngriki saha mirengaken atur kawula punika, enggal utawi dangu-dangu, sami dados kadosdene kawula, kajawi blenggu punika.”


Kowe iku wus padha wareg, kowe wus padha dadi sugih, tanpa aku kowe wus padha dadi ratu. Wah saiba becike yen ta pancen nyata mangkono, manawa kowe wus padha dadi ratu, satemah aku iya padha melu dadi ratu karo kowe!


Iba becike yen kowe padha sabar ing bab anggonku tanpa budi ing sawatara iku. Pancen kowe padha nyabari marang aku!


Ing wayah esuk pangucapmu: Bok iya enggal bengi; lan ing wayah bengi pangucapmu: Bok iya tumuli esuk; marga atimu kebak rasa giris marga saka sesawangan kang koksipati.


Mulane atimu diesorake, kowe ditegakake keluwen, sarta kowe diparingi mangan man, kang durung tau kokweruhi lan para leluhurmu iya durung tau weruh, supaya kowe ngerti yen uripe manungsa iku ora mung marga saka roti bae, nanging manungsa iku uripe marga saka samubarang kang dipangandikakake dening Sang Yehuwah.


Sang Yusak banjur matur: “Dhuh Gusti kawula Sang Yehuwah, punapaa dene bangsa punika ngantos Paduka dhawuhi nyabrang ing benawi Yarden? punapa supados kawula sami kaulungaken ing tanganipun tiyang Amori, lajeng sami kasirnakaken? Langkung sae manawi kawula sami mutus tetep wonten ing sisih ngrikanipun benawi Yarden punika kemawon!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan