Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 16:29 - Kitab Sutji

29 Padha nitenana! Pangeran Yehuwah wus maringake sabat iku marang sira, mulane ing dina kang kaping nem sira padha diparingi roti kanggo rong dina. Kang iku wong kabeh padha lerena ana ing omahe dhewe-dhewe, aja ana wong siji bae kang metu saka ing panggonane ing dina kapitu iku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 16:29
9 Iomraidhean Croise  

Paduka ugi paring uninga bab Sabat Paduka ingkang suci, punapa malih Paduka paringi dhawuh-dhawuh, katetepan-katetepan saha angger-angger Paduka lumantar abdi Paduka Musa.


Ing kono pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Nganti besuk apa anggonira padha ora gelem netepi prentah lan angger-anggeringSun?


Mangkono dadine wong akeh padha ngaso ing dina kapitu.


“Sira mratelakna pangandikaningSun marang wong Israel, mangkene: Poma sira padha netepana dina-dina SabatingSun, awit iku minangka pratandha ana ing antarane Ingsun lan sira, nganti turun-tumurun, supaya sira sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, kang nucekake sira kabeh.


Dina-dina SabatingSun uga Sunparingake minangka pratandha ing antarane Ingsun lan dheweke kabeh, supaya padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, kang nucekake wong-wong mau.


Ing kono Ingsun bakal ndhawuhake berkahingSun marang sira ing taun kang kaping nem; temah bakal metokake kang nyukupi kanggo telung taun.


Nyenyuwuna, supaya anggonmu padha ngungsi aja pinuju mangsa padhidhing lan aja mbeneri dina Sabat.


Saulihe banjur padha nyawisake anggi-anggi lan lenga jebad. Dene ing dina Sabat padha leren, netepi ing angger-angger.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan