Paduka ugi paring uninga bab Sabat Paduka ingkang suci, punapa malih Paduka paringi dhawuh-dhawuh, katetepan-katetepan saha angger-angger Paduka lumantar abdi Paduka Musa.
Pangandikane Nabi Musa marang wong mau: “Iya iku kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah: Sesuk iku dina libur babar pisan, iya sabat sesengkeraning Pangeran Yehuwah, roti kang arep kokbakar, bakaren, kang arep kokolah, olahen, turahane kabeh simpenen kanggo tandhon esuke.”
Padha nitenana! Pangeran Yehuwah wus maringake sabat iku marang sira, mulane ing dina kang kaping nem sira padha diparingi roti kanggo rong dina. Kang iku wong kabeh padha lerena ana ing omahe dhewe-dhewe, aja ana wong siji bae kang metu saka ing panggonane ing dina kapitu iku.”