Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 16:23 - Kitab Sutji

23 Pangandikane Nabi Musa marang wong mau: “Iya iku kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah: Sesuk iku dina libur babar pisan, iya sabat sesengkeraning Pangeran Yehuwah, roti kang arep kokbakar, bakaren, kang arep kokolah, olahen, turahane kabeh simpenen kanggo tandhon esuke.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 16:23
16 Iomraidhean Croise  

Paduka tumedhak dhateng ing redi Sinai sarta ndhawuhaken pangandika dhateng para leluhur saking langit; Paduka paringi pranatan-pranatan ingkang adil, angger-angger ingkang leres saha katetepan-katetepan tuwin dhawuh-dhawuh ingkang utami.


Paduka ugi paring uninga bab Sabat Paduka ingkang suci, punapa malih Paduka paringi dhawuh-dhawuh, katetepan-katetepan saha angger-angger Paduka lumantar abdi Paduka Musa.


Nabi Musa ngandika marang wonw-wong mau: “Aja ana kang ngengehake kanggo sesuke.”


Nem dina sira nglakonana pagaweanira, nanging ing dina kapitu sira lerena, supaya sapi lan kuldinira padha bisa aso; lan supaya anake baturira lan wong kang neneka padha leren.”


Nem dina wong padha nindakna pagawean, nanging dina kapitu iku sabat, dina ngaso babarpisan, dina suci kagem Pangeran Yehuwah; sing sapa nindakake pagawean ing dina Sabat, iku kudu kaukum pati.


Aja nggawa barang metu saka ing omahira ing dina Sabat lan aja nglakoni pagawean apa bae, nanging dina Sabat iku sira sucekna kaya kang wus Sundhawuhake marang leluhurira.


Nem dina wong padha nyambuta gawe, nanging dina kapitu iku sabat, dina kanggo ngaso babar pisan, yaiku dina masamuwan suci; sira aja padha nglakoni pagawean apa-apa; iku sabat kagem Sang Yehuwah ana ing sakehe papan panggonanira.


Mungguh man iku memper ketumbar lan warnane kaya blendok bedolah.


Wong-wong padha mlayu slira-sliri anggone ngrakupi, banjur digiling srana panggilingan utawa didheplok ana ing lumpang, nuli diolah ana ing kuwali digawe roti bunder-bunder, rasane kaya glepung kang digoreng.


Saulihe banjur padha nyawisake anggi-anggi lan lenga jebad. Dene ing dina Sabat padha leren, netepi ing angger-angger.


Sira tansah elinga marang dina Sabat, sarta iku sira sucekna, kaya kang wus didhawuhake Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.


Mbeneri ing dinane Gusti, aku linimputan ing Roh lan aku krungu swara seru ana ing buriku kaya unine kalasangka,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan