Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 16:21 - Kitab Sutji

21 Sabanjure anggone padha ngukupi saben esuk. Saben wong manut tadhahe dhewe, awit samangsa kapanasan, banjur ledeng.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 16:21
8 Iomraidhean Croise  

Ewadene ana kang ora nggugu marang dhawuhe Nabi Musa, padha ngengehake nganti esuke, nuli dadi set lan mambu bacin, mulane padha didukani dening Nabi Musa.


Ing dina kaping nem anggone ngukup roti tikel loro, wong siji rong gomer, nuli sakehe panggedhene pasamuwan padha seba ngaturi pirsa marang Nabi Musa.


Elinga marang kang nitahake kowe ing sajrone isih anom, sadurunge satekane dina-dina kang ala lan taun-taun, kang kokkandhakake mangkene: “Ing nalika iku aku ora duwe kasenengan!”,


Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.


Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.


Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.


Sabab Gusti Allah ngandika: “Ing mangsa kang ngremenake Ingsun wus miyarsakake sira, lan ing dinane karahayon Ingsun wus mitulungi sira.” Satemen-temene, iya wektu iki wektu kang ngremenake iku; iya dina iki dinane karahayon iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan