Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 16:15 - Kitab Sutji

15 Bareng wong Israel weruh banjur padha takon-takonan: “Apa iku?” Marga padha ora sumurup iku apa? Nabi Musa tumuli ngandika: “Iya iku roti peparinge Pangeran Yehuwah minangka panganmu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 16:15
19 Iomraidhean Croise  

Kangge ngicali luwenipun sami Paduka paringi roti ingkang saking ing langit sarta kangge ngicali ngelakipun Paduka angsalaken toya medal saking redi parang. Punapadene Paduka dhawuhi nglebeti lan ngejegi nagari ingkang sampun Paduka janjekaken kalayan supaos badhe Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula.


Roh Paduka ingkang asihmirma inggih Paduka paringaken, supados mulang. Punapa malih boten nate Paduka endheg roti man peparing Paduka dhateng cangkemipun, sarta kadamel ngicalaken ngelakipun Paduka paringi toya.


Para leluhur padha nyenyuwun, Gusti Allah nuli ndhatengake manuk gemak, sarta maregi umate kalawan roti saka ing langit.


umate diudani mana minangka pangane, sarta padha diparingi gandum saka ing langit;


Anadene mungguh wewujudan iku umat Israel anggone ngarani: manna; rupane putih kaya ketumbar, rasane kaya kuwih madu.


Mulane pangandikane Nabi Musa marang Rama Harun: “Njupuka guci siji, isenana manna sagomer kebak, banjur dokoken ana ing ngarsaning Yehuwah, kasimpena nganti turun-tumurun.”


Ing kono pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Ingsun bakal ngudanake roti saka langit kanggo sira, nuli wong-wong iku bakal padha metu ngukupi tadhahe ing saben dina, sarta padha Suncoba, apa bakal nglakoni angger-anggeringSun apa ora.


“Mara padha mangana roti peparingSun, lan ngombea anggur kang wus Suncampur;


banjur nglawan marang Gusti Allah lan marang Nabi Musa, pangucape: “Kenging punapa kula kok sami panjenengan kesahaken saking tanah Mesir? Punapa supados kula sami pejah wonten ing pasamunan ngriki? Ing ngriki boten wonten roti lan boten wonten toya, mangka kula sampun sami bosen dhateng tetedhan ingkang boten wonten raosipun punika.”


Awit iku kabeh kang diupaya dening wong kang ora wanuh marang Gusti Allah. Ramamu rak ora kekilapan, yen iku kabeh dadi kabutuhanmu.


Leluhurmu padha mangan mana ana ing ara-ara-samun, nanging wis padha mati.


Iki roti kang wus tumurun saka ing swarga. Dudu roti kaya kang dipangan dening para leluhurmu, lan banjur wus padha mati. Sing sapa mangan roti iki bakal urip ing salawas-lawase.”


Kabeh padha mangan tunggal pangan kasukman,


kang maringi pangan man marang kowe ana ing pasamunan, kang durung tau disumurupi dening para leluhurmu, karsane ngesorake atimu lan nyoba marang kowe, kang karsane mung arep nandukake kabecikan marang kowe, ing wekasane.


Mulane atimu diesorake, kowe ditegakake keluwen, sarta kowe diparingi mangan man, kang durung tau kokweruhi lan para leluhurmu iya durung tau weruh, supaya kowe ngerti yen uripe manungsa iku ora mung marga saka roti bae, nanging manungsa iku uripe marga saka samubarang kang dipangandikakake dening Sang Yehuwah.


Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,


Ing dina candhake, bareng wus padha mangan saka pametune tanah kono iku, glepung man banjur ora tiba maneh. Wong Israel dadine wus padha ora kaparingan man maneh, nanging ing taun iku padha mangan pametune tanah Kanaan.


Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, bakal Sunparingi mangan mana kang piningit, sarta Sunganjar watu putih, kang ing dhuwure katulisan jeneng anyar, kang ora kawruhan ing wong, kajaba kang nampani.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan