Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 16:12 - Kitab Sutji

12 “Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel; padha tuturana mangkene: Ing wayah sore sira bakal padha mangan daging lan ing wayah esuk bakal padha wareg mangan roti, temah sira bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 16:12
17 Iomraidhean Croise  

Ing kono abdining Allah banjur sowan ing ngarsane Sang Prabu ing Israel lan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing sarehne wong Aram iku wus ngucap: Pangeran Yehuwah iku allahing gunung lan dudu allahe tanah warata, mulane Ingsun bakal ngulungake wadya-bala kang gedhe iku marang ing tanganira, supaya sira padha sumurup, manawa Ingsun iku Pangeran Yehuwah.”


Para leluhur padha nyenyuwun, Gusti Allah nuli ndhatengake manuk gemak, sarta maregi umate kalawan roti saka ing langit.


Cempe mau pisahen dhewe nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembeleha dening sagolonganing pasamuwane Israel ing wayah sore.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:


“Iku supaya padha ngandela, yen sira wus diketingali dening Pangeran Yehuwah Gusti Allahe para leluhure, Gusti Allahe Abraham, Gusti Allahe Iskak lan Gusti Allahe Yakub.”


Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!”


Margi saking punika, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Anggonira sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, srana mangkene: Lah teken ingkang wonten ing tangan kawula punika badhe kawula sabetaken dhateng ing toya ing benawi Nil, toyanipun lajeng badhe malih dados rah,


Yehuda dalah sakabehe kutha-kuthane bakal tetep lestari ana ing prenahe, apadene para wong tani, para kang nglembara klawan pepanthaning kewane.


Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, Allahe, nunggil kalawan dheweke kabeh; turune Israel iku umatingSun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Kalawan mangkono iku sira ngegungake awakira dhewe ana ing ngarsaningSun kanthi pangucapira sarta akeh banget tembungira marang Ingsun. Iku Sunpiyarsakake.


Ing kono para turune Israel bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe, yaiku wiwit ing dina iku lan sabanjure,


“Sira banjur bakal padha sumurup yen Ingsun, Yehuwah, iku Allahira, kang akedhaton ana ing Sion, gunungingSun kang Suci, lan Yerusalem bakal dadi suci, sarta ora diliwati maneh dening bangsa liya.


Awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahira, mulane sira kudu padha nucekna awakira lan sira kudu padha suci, marga Ingsun iki suci, sarta sira aja nganti padha ndadekake najisira marga saka sadhengah kewan kang gumremet uyel-uyelan ana ing bumi.


Kang sapratelon iku banjur Sunlebokake ing geni, Sunlebur patrape kaya nglebur salaka, Sunbesot patrape kaya mbesot mas; iku bakal padha nyebut asmaningSun lan bakal Sunparingi wangsulan. Ingsun bakal ngandika: Iku umatingSun, sarta iku bakal padha munjuk: Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah kawula.”


Anadene wong rucah kang ana ing antarane padha kathukulan budi srakah, temahan wong Israel banjur katut nangis maneh, pangucape: “Sapa kang bakal menehi daging marang aku?


“Nganti pira lawase umat kang ala iku anggone bakal padha nggrundeli marang Ingsun? Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel kang katujokake marang Ingsun,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan