Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 16:10 - Kitab Sutji

10 Kacarita nalika sapasamuwane Israel lagi dipangandikani dening Rama Harun, tumuli padha madhep marang ing pasamunan, lah cahya kamulyaning Sang Yehuwah ngatingal ana ing megane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 16:10
12 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:


Lan sesuk kowe bakal padha weruh kaluhuraning Pangeran Yehuwah, marga panggrundelmu wus dipirsani. Sabab aku iki apa, dene kowe padha nggrundeli marang aku?”


lan kamulyaning Pangeran Yehuwah dumunung ing gunung Sinai, nem dina lawase anggone katutupan mega, sarta ing dina kaping pitune Nabi Musa ditimbali saka ing tengahing mega iku.


Nabi Musa lan Imam Harun tumuli lumebet ing Tarub Pasewakan. Bareng miyos banjur padha mberkahi marang wong akeh, sarta kamulyane Pangeran Yehuwah nuli ngatingal marang wong sabangsa kabeh,


Pangandikane Nabi Musa: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, padha lakonana, supaya kamulyane Pangeran Yehuwah ngatingal marang kowe.”


Ing kono wong saumat kabeh padha ngancam arep mbenturi watu marang Yusak lan Kaleb; nanging kamulyane Pangeran Yehuwah nuli ngetingal marang wong Israel kabeh ana ing Tarub Pasewakan.


Bareng Korakh wus nglumpukake sagrombolane kabeh sarta nglawan panjenengane sakloron ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan, cahya kamulyane Pangeran Yehuwah ngatingal marang wong sapasamuwan kabeh.


Kacarita bareng umat mau padha mapali nglawan Nabi Musa lan Imam Harun, sarta padha ngadhepake Tarub Pasewakan, lah tarube tumuli katon kalimputan ing mega, sarta cahya kamulyaning Yehuwah ngetingal.


Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan