Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 16:1 - Kitab Sutji

1 Sawuse padha budhalan saka ing Elim, sagolongane wong Israel kabeh padha tekan ing pasamunan Sin, kang kaprenah ana ing saantarane Elim lan gunung Sinai, mbeneri tanggal limalas sasi kang kapindho, saangkate saka ing tanah Mesir.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 16:1
7 Iomraidhean Croise  

Lan trep ing dina iku uga Pangeran Yehuwah ngentasake wong Israel saka ing tanah Mesir miturut sagolongan-golongane.


Cempe mau pisahen dhewe nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembeleha dening sagolonganing pasamuwane Israel ing wayah sore.


Sawuse mangkono banjur padha tekan ing Elim, ing kono ana sendhange rolas lan wit kurma pitung puluh, banjur padha leren ing sandhinge sendhang-sendhang mau.


Sawuse mangkono sagolongane wong Israel padha budhal saka pasamunan Sin, lakune saka palerenan kang siji menyang ing palerenan sijine miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah, banjur padha leren ana ing Rafidim; nanging ing kono ora ana banyu kanggo ngombe bangsa mau.


Bareng sasi katelune saangkate wong Israel saka ing tanah Mesir, tekan ing pasamunane gunung Sinai tanggale padha karo nalika budhale.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan