Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 15:9 - Kitab Sutji

9 Ujaripun mengsah: Dakburune, dakandum rayahan; hawanepsuku daksokne marang wong-wong iku, pedhangku dakunuse; bakal padha katumpes dening tanganku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 15:9
15 Iomraidhean Croise  

Benyamin iku kaya asu ajag nyenyempal, ing wayah esuk ngganyang memangsan lan ing wayah sore andum rayahane.”


Mengsah kawula, kawula oyak-oyak lajeng kawula tumpes, lan boten wangsul-wangsul saderengipun sami kawula sirnakaken;


Sang Prameswari Izebel banjur utusan wong nglantarake pangandikane marang Nabi Elia mangkene: “Aku muga diganjara paukuman mangkene dening para allah, malah ngluwihana iku, manawa sesuk kira-kira wayah mangkene iki nyawamu ora dakgawe padha kaya nyawane sawiji-wijine wong iku.”


Sang Prabu Benhadad banjur utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, kadhawuhan matur: “Kula mugi dipun paringana paukuman makaten dening para allah, malah nglangkungana saking punika, manawi rakyat ingkang ndherekaken kula taksih sami saged nggegem bleduging gempuranipun Samaria.”


Bareng Sang Prabu Pringon kaunjukan pawarta, yen bangsa iku wus minggat, nuli Sang Prabu Pringon salin panggalihe, mangkono uga para abdine tumrap bangsa iku lan padha sapocapan: “Yagene kita kok padha nglakoni mangkono? Nganti nglilani Israel padha lunga, dadi wus ora ngawula marang kita?”


Becik ngesorake dhiri nunggal karo para wong andhap-asor, tinimbang karo ngedum rayahan ana ing tengahe wong gumunggung.


Panunggalane para allahe nagara-nagara iki sapa kang wus ngluwari negarane saka astaningsun, lah kok Sang Yehuwah sagah ngluwari Yerusalem saka ing astaningsun?”


Awit saka iku bakal Sunparingi panduman wong-wong kang luhur minangka bandhangan, tuwin bakal tampa wong-wong kang santosa minangka jarahan, yaiku pikolehe anggone wus masrahake nyawane marang pati lan marga saka anggone kagolongake wong mbalela, sanadyan Panjenengane nanggel dosane wong akeh lan ndongakake para wong kang mbalela.


Nyebuta jenenge Pringon, ratu ing Mesir: Tukang ribut kang ora migunakake wektu kang becik.


Pangagenging wadya-bala ingkang ngamuk Paduka dhawahi panahipun piyambak, kangge mbuyaraken kawula kalayan asurak-surak kados-kados sami nguntal tiyang ingkang katindhes kalayan sidheman.


Nanging manawa katekan wong kang luwih rosa sarta banjur ditempuh lan dikalahake, kabeh gegamane kang diandelake bakal dirampas, la barang darbeke bakal diedum-edum dadi jarahan.


“Rak lagi padha oleh jarahan lan didum-dumake, prawan siji utawa loro kanggo saben wong, jarahan sandhangan manca-warna salembar rong lembar kanggo Sisera, jarahan sandhangan songketan manca-warna salembar rong lembar kanggo guluku?”


Sang Dawud banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Kawula punapa Paduka karsakaken mbujeng grombolan punika? Punapa kawula saged nututi?” Lan Panjenengane ngandika marang Sang Dawud: “Burunen, awit sira mesthi bakal bisa nututi wong-wong iku lan ngluwari para kang padha katawan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan