PANGENTASAN 15:7 - Kitab Sutji7 Margi saking kaluhuran Paduka ingkang agung, Paduka ngrebahaken ingkang sami nglawan Paduka; Paduka nglepasaken latuning bebendu Paduka ingkang mangsa tiyang-tiyang wau kados bonggol gandum. Faic an caibideil |
Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nanggapaken talingan Paduka saha karsaa miyarsakaken; dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngelekaken paningal paduka saha karsaa mirsani; Paduka mugi karsaa midhangetaken sakathahing pitembunganipun Sanherib, ingkang kakintunaken kangge ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang.
Ing sawijining dina nalika panjenengane lagi sujud sembahyang ana ing kabuyutane Nisrokh, allahe, banjur kasedanan kalawan pedhang dening para putrane, yaiku Pangeran Adramelekh lan Pangeran Sareser, kang nuli padha ngungsi menyang ing tanah Ararat, Pangeran Esarhadon, putrane kang banjur gumanti jumeneng ratu.
Sabab iku kaya ilat geni kang mangsa dami, lan kaya suket aking kang sirna dening geni, kaya mangkono oyod-oyode bakal dadi bosok, tuwin kuncupe bakal mawut kaya awu, amarga wong-wong mau wus padha nampik piwulange Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah sarta memada marang pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.