Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 15:3 - Kitab Sutji

3 Pangeran Yehuwah iku prawira ing perang; Yehuwah, yaiku asmane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 15:3
14 Iomraidhean Croise  

“Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?” “Iku Sang Yehuwah kang kwaos lan prakosa, Sang Yehuwah prakosa ing prang!”


Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa, lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahi dening Gusti Allah ing salami-laminipun.


Kajengipun sami nandhang wirang sarta kaget ing salaminipun, sami kawirangna saha lejeng sami tumpes,


Pangeran Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng bae.”


Rodhane kreta didadekake miring njalari rekasa banget majune, temah wong Mesir banjur padha sapocapan: “Payo padha lumayu bae ninggal wong Israel, awitdene Pangeran Yehuwah kang nyarirani perange nglawan wong Mesir.”


Unjuke Sang Musa marang Gusti Allah: “Nanging manawi kawula manggihi tiyang Israel sarta kawula cariyosi: Gusti Allahe para leluhurmu kang ngutus aku nemoni kowe, mangka lajeng sami pitaken: Asmanipun sinten? Kados pundi wangsulan kawula?”


Pangandikane Gusti Allah marang Sang Musa: “INGSUN ANA KANG ANA.” Pangandikane maneh: “Tuturira marang wong Israel mangkene: INGSUN ANA iku kang ngutus aku nemoni kowe.”


Dhawuhe Gusti Allah marang Sang Musa maneh: “Tutura marang wong Israel mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Gusti Allahe Rama Iskak lan Gusti Allahe Rama Yakub, iku kang ngutus aku nemoni kowe. Dene iya iku asmaningSun ing salawas-lawase, iku sebutaningSun turun-tumurun.


Pangeran Yehuwah majeng perang kayadene gegedhug, kayadene prajurit anggone nggigah semangate perang; Panjenengane surak-surak, malah nguwuh-uwuh, marang para mungsuhe, Panjenengane nedahake kaprawirane.


Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun; Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang wong liyane utawa kasuwuringSun marang reca.


“Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang nitahake bumi sarana mangun lan njejegake – Sang Yehuwah iku asmane –:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan