27 Sawuse mangkono banjur padha tekan ing Elim, ing kono ana sendhange rolas lan wit kurma pitung puluh, banjur padha leren ing sandhinge sendhang-sendhang mau.
Sawuse padha budhalan saka ing Elim, sagolongane wong Israel kabeh padha tekan ing pasamunan Sin, kang kaprenah ana ing saantarane Elim lan gunung Sinai, mbeneri tanggal limalas sasi kang kapindho, saangkate saka ing tanah Mesir.
Ing pinggire kali kiwa tengen ana wite wowohan warna-warna, kang godhonge ora alum lan wohe ora entek-entek; saben sasi awoh maneh, sabab wit-wit iku oleh banyu saka papan kang suci iku. Wohe bakal dadi pangan, dene godhonge kanggo tamba.”
Ing satengahe dalaning kutha iku, yaiku ing sakiwa-tengene bengawan, ana wit-wit panguripan kang metokake woh ping rolas, saben sasi sapisan; anadene godhonge wit-wit mau dianggo mulyakake para bangsa.
Amarga bakal padha diengen sarta diirid menyang tuking banyu kauripan dening Sang Cempe kang ana satengahing dhampar iku, lan Gusti Allah bakal ngusapi sakehe eluh ing mripate.”