Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 15:26 - Kitab Sutji

26 pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 15:26
42 Iomraidhean Croise  

Dene sababe yaiku anggone wus ninggal Ingsun lan sujud nyembah marang Asytoret, dewa-dewaning wong Sidon, marang Kamos, allahe wong Moab lan marang Milkom, allahe bani Amon, tuwin anggone ora lumaku ing dalan kang Suntedahake kalawan nglakoni apa kang bener ana ing paningalingSun sarta kalawan tansah nindakake sakehe katetepan lan tatananingSun, kayadene Dawud, bapakne.


Lan manawa sira ngrungokake marang kang Sundhawuhake kabeh marang sira lan lumaku ing dalan kang Suntedahake sarta nindakake apa kang bener ana ing paningalingSun kalawan tansah nglakoni sakehe katetepan lan dhawuhingSun kayadene kang wus katindakake dening abdiningSun Dawud, Ingsun nganthi marang sira tuwin bakal maringi marang sira turun kang santosa kaya kang wus Sunparingake marang Dawud, lan Ingsun bakal maringake wong Israel marang sira.


Nabi Elisa banjur tindak menyang ing etuking banyu, tumuli dicemplungi uyah mau kalawan ngandika: “Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Banyu iki wus Sundadekake tawa, sarta bakal ora kelakon maneh ana kang mati utawa bayi kang lair keluron marga saka iku.”


“Sira balia lan matura marang Hizkia, ratuning umatingSun: Mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal paring waras marang sira; ing dina kang katelu sira bakal lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah.


Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah sarta sugenge kaya Sang Prabu Dawud, leluhure, lan ora nyimpang menengen utawa mangiwa.


Awit Gusti Allah kang natoni, nanging kang mblebed uga; iya natoni, nanging astane nyarasake.


Panjenengane kang ngapura sakehe kaluputanmu, lan maluyakake sakehe lelaramu.


Panjenengane mulihake wong kang pepes atine, padha diblebedi tatune.


He para umatingSun padha ngrungokna, Ingsun arsa paring pepenget marang sira; he Israel, manawa sira gelem ngrungokake marang dhawuhingSun.


Kacarita bareng tengah wengi Pangeran Yehuwah mateni saben anak pembarep ing tanah Mesir, wiwit pembajenge Sang Pringon kang calon nglenggahi keprabon, nganti tekan pembarepe wong tahanan kang ana ing pakunjaran, dalah sakehe pembarepe kewan.


Kang iku saiki, manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarane sakehe bangsa, awit salumahing bumi iku kagunganingSun.


Sira mesthi padha dadi karajan kaimaman lan bangsa kang suci. Iya iku pangandika kang kudu sira undhangake marang wong Israel.”


“Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.


Nanging sira kudu ngabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira, temah roti lan banyune bakal binerkahan lan Ingsun bakal ngedohake lelara saka ing tengahira.


Padha nilingna kupingira lan sowana ing ngarsaningSun; padha ngrungokna, temah sira bakal padha urip! Ingsun arsa nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh, manut sih-susetya kang santosa kang Sunjanjekake marang Dawud


Ingsun wus nguningani sakehe dalane iku, ewasamono bakal Sunmarekake lan bakal Suntuntun tuwin bakal Sunpulih-pulihake atine kalawan panglipur; uga ana ing lambene wong-wonge kang padha prihatin


Amarga Ingsun wus mawanti-wanti ngelingake marang para leluhurira, nalika padha Sunluwari saka ing tanah Mesir, tumeka saprene Ingsun tansah ngelingake: Rungokna dhawuhingSun!


Samangsa sira ngrungokake dhawuhingSun kalawan temen-temen, – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –, lan ora nggawa mlebu samubarang liwat gapura-gapuraning kutha iki ing dina Sabat, nanging nucekake dina Sabat lan ora nglakoni pagawean ing dina iku,


Amarga Ingsun bakal maluyakake sira, Ingsun bakal ngusadani memalanira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, amarga wong iku padha ngarani sira wong buwangan, yaiku kekarene kang ora ana kang nakokake babar pisan.


Lah, Ingsun bakal nuwuhake kawarasan lan kawaluyan sarta Ingsun bakal maluyakake wong iku lan paring karaharjan sarta katentreman nganti luber-luber.


Mung prakara iki kang Sundhawuhake: Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun, apadene sira tansah lumakua ana ing dalan kang Suntedahake marang sira, supaya sira padha nemu begja.


Apa ing Gilead ora ana boreh? Apa ing kana ora ana dhukun? Geneya tatune putrining bangsaku durung mari?


Manawa ana wong mursid kang nindakake kaadilan lan kabeneran,


Mangka Ingsun kang netah marang Efraim, Ingsun kang mbopong, ewasamono padha ora gelem ngrumangsani, yen Ingsun kang nyarasake.


“Payo padha bali mratobat marang Pangeran Yehuwah, awitdene Sang Yehuwah kang nyempal-nyempal, lan kang bakal marasake kita; Panjenengane kang nggebagi kita, lan iya kang bakal mblebed kita uga.


Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, supaya sira aja dadi bature tukon maneh. Ingsun wus mutungake pasangan kang ana ing pundhakira lan lakunira Sunjejegake.


Manawa lakunira padha miturut ing pranataningSun sarta tansah padha gondhelan marang prentahingSun, lan nindakake iku,


Nabi Musa tumuli sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa nyarasaken piyambakipun.”


Aja kokpangan, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha slameta, marga kowe nglakoni apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah.


Gatekna temenan apa kang dakprentahake marang kowe, supaya kowe saanak-putumu ing sapungkurmu padha ginanjara slamet ing salawas-lawase, marga kowe nglakoni apa kang becik lan bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Amarga kanthi patrap kaya mangkono kowe dadine ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, lan netepi sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, sarta nglakoni apa kang bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan memala wudun ing Mesir, kalawan plentung, bengkoyok lan kadhas-kudhis, kang nganti ora bisa mari.


Manawa kowe ora nglakoni kanthi tumemen sakehe pangandika ing angger-anggering Toret kang katulisan ana ing kitab iki, lan kowe ora gelem ngajeni Asma kang mulya lan nggegirisi iki, yaiku marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,


Panjenengane iya bakal ndhatengake sakehe memala Mesir kang kokwedeni, kabeh iku bakal padha tumemplok ing awakmu,


Saiki sira padha nitenana, yen Ingsun, iya Ingsun iki Panjenengane; ora ana Allah, kajaba Ingsun. Ingsun kang mateni, lan iya Ingsun kang nguripake, Ingsun kang ngremuk, lan iya Ingsun kang marasake; sarta ora ana kang bisa ngluwari saka ing astaningSun.


Nabi Musa banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta padha didhawuhi: “He wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakgelarake marang kowe ing dina iki, supaya padha kokpindeng lan koklakoni kalawan setya.


Karodene Pangeran Yehuwah bakal ngedohake kowe saka sarupane lelara, lan kowe ora bakal kecandhak ing memala kang nggegirisi kang tau koksumurupi ana ing tanah Mesir. Nanging iku bakal diganjarake marang sakehe wong kang sengit marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan