Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 15:25 - Kitab Sutji

25 Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli nedahi sawijining kayu, iku banjur dicemplungake ing banyu mau, sanalika banyune dadi tawa. Ana ing kono banjur padha diparingi katetepan lan pranatan sarta padha dicoba dening Pangeran Yehuwah,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 15:25
26 Iomraidhean Croise  

Nabi Elisa banjur tindak menyang ing etuking banyu, tumuli dicemplungi uyah mau kalawan ngandika: “Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Banyu iki wus Sundadekake tawa, sarta bakal ora kelakon maneh ana kang mati utawa bayi kang lair keluron marga saka iku.”


Nanging Nabi Elisa tumuli ngandika: “Njupuka glepung!” Iku nuli dicemplungake ing kwali sarta banjur ngandika: “Saiki wong-wong padha cidhukna, cikben mangan!” Ing kono kwaline wus ora ana apa-apane kang mbebayani.


Nanging abdining Allah ngandika: “Ana ngendi tibane?” Wong iku nuli nuduhake prenahe. Nabi Elisa tumuli ngethok kayu, diuncalake mrono, temah wadunge kumambang.


Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” (Selah)


Amargi Paduka sampun ndadar kawula, dhuh Allah, sampun Paduka besot kadosdene mbesot selaka.


“Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul, sarta tangane saka ing kranjanging pikulan;


Yen sesambat marang Ingsun bakal Sunsembadani, ing sajroning karubedan bakal Sunkanthi, bakal Sunentasake lan Sunluhurake,


Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane para imame, tuwin nabi Samuel iku panunggalane kang padha nyebut asmane, iku padha nyebut asmaning Yehuwah, nuli kaparingan wangsulan.


Bareng Sang Prabu Pringon wus cedhak, wong Israel padha sumurup yen bala Mesir padha nututi, temah padha banget wedine, ing kono wong Israel padha sambat-sambat marang Sang Yehuwah,


Ing kono pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Ingsun bakal ngudanake roti saka langit kanggo sira, nuli wong-wong iku bakal padha metu ngukupi tadhahe ing saben dina, sarta padha Suncoba, apa bakal nglakoni angger-anggeringSun apa ora.


Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Punapa ingkang badhe kawula tandukaken dhateng bangsa punika? Sakedhap malih kawula temtu dipun benturi sela!”


Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: “Aja kuwatir, awit rawuhe Gusti Allah iku arep nyoba kowe, lan supaya kowe padha duwea ering marang Panjenengane, aja nganti padha gawe dosa.”


Kowi iku kanggo ngejer salaka lan prapen kanggo ngejer emas, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati.


Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sanadyan Musa lan Samuel seba ana ing ngarsaningSun, galihingSun ora bakal bali maneh marang bangsa iku. Tundhungen saka ngarsaningSun kareben lunga!


Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Lah Ingsun karsa nglebur lan neter bangsa iki, jer apa maneh ta kang bisa Suntandukake tumrap anake wadon umatingSun?


Sajrone lumaku bali iku, lah ing pinggire kali kiwa tengen ana wit-witane akeh.


Panjenengane ngandika marang aku: “Kali iki mili menyang ing wilayah wetan, lan mudhun menyang Araba-Yarden, lan mutah ing Sagara Asin; banyune kang asin banget iku banjur dadi tawa,


Awit pawarta bab salib iku pancen dadi kabodhoan tumrape wong kang bakal padha tiwas, nanging kanggo kita kang padha kapitulungan rahayu, dadi sawab kang saka Gusti Allah.


pangajake nabi utawa wong olah impen mau aja kokturuti; awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nyoba marang kowe, supaya katitika apa kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.


kang maringi pangan man marang kowe ana ing pasamunan, kang durung tau disumurupi dening para leluhurmu, karsane ngesorake atimu lan nyoba marang kowe, kang karsane mung arep nandukake kabecikan marang kowe, ing wekasane.


Karomaneh kowe elinga, anggonmu wus dilakokake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan sajrone patang puluh taun iki, karsane ndadekake andhap-asormu lan nyoba marang kowe, supaya tetelaa apa kang ana ing sajrone atimu, yaiku apa kowe netepi pepakene apa ora.


supaya bangsa-bangsa iku kena Sunagem nyoba wong Israel, apa bakal padha lestari ngambah ing dalan pitedahe Sang Yehuwah kayadene para leluhure apa ora.”


Iki pratelane bangsa-bangsa kang dilestarekake manggon dening sang Yehuwah prelu diagem nyoba marang Israel, yaiku sakehe wong Israel kang padha ora sumurup marang perang ing tanah Kanaan.


Iku kang padha ana ing kono, prelu diagem dening Panjenengane kagem nyoba marang wong Israel, apa padha ngestokake pepakene Sang Yehuwah kang wus didhawuhake marang para leluhure lumantar Nabi Musa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan