Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 15:22 - Kitab Sutji

22 Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngangkatake wong Israel saka ing sagara Teberau menyang ing pasamunan Syur; anggone lumaku ana ing pasamunan nganti telung dina ora oleh banyu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 15:22
12 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Malaekate Yehuwah tumuli manggihi Ibu Hagar ana ing sacedhake belik ing pasamunan, iya iku belik ing dalan kang anjog ing Syur.


Rama Abraham banjur bidhal saka ing kono menyang ing Tanah Negeb, lan manggen ana ing antarane Kadesy lan Syur, neneka ana ing Gerar.


Pamanggone tedhak-turune mau ana ing wilayah wiwit ing Hawila nganti tekan ing Syur, kaprenah ing sawetane tanah Mesir ing urute Asyur. Anggone padha mapan dhedhukuh ana ing ngarepe para kadange.


Gusti Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi, awit langgeng sih-kadarmane.


Margi Paduka nglangkungi saganten, sarta lurung Paduka nglangkungi nginggiling toya ingkang wiyar, nanging tapak tilas Paduka boten katingal.


para umat kagungane tumuli padha didhawuhi mangkat kaya wedhus, padha dituntun kaya pepanthan kewan ana ing ara-ara samun;


padha dituntun kalawan tentrem, temah ora padha kuwatir, amarga satrune wus padha keblabak ana ing segara;


Sawuse mangkono sagolongane wong Israel padha budhal saka pasamunan Sin, lakune saka palerenan kang siji menyang ing palerenan sijine miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah, banjur padha leren ana ing Rafidim; nanging ing kono ora ana banyu kanggo ngombe bangsa mau.


Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.


Banjur budhal saka Pi-Hakhirot, padha nyabrang lumaku ana ing tengahe segara ngener marang pasamunan, tumuli lumaku ing pasamunan Etam nganti telung dina, nuli padha leren ana ing Mara.


Sang Prabu Saul banjur nggepuk lan ngasorake bangsa Amalek wiwit saka ing Hawila tutug ing Syur ing sawetane tanah Mesir.


Sang Dawud sabalane mangsah nglurug wong Gesur, wong Girzi lan wong Amalek, amarga wong iki kang padha ngenggoni negara iku wiwit saka Telam terus tekan tanah Sur lan tanah Mesir.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan