Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 15:21 - Kitab Sutji

21 Ibu Miryam tumuli ngidung mimpin para wong wadon mau, wiraose: “Padha ngidungna kagem Pangeran Yehuwah, awit linuwih kaluhurane, jaran lan kang nunggangi padha dicegurake ing sagara.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 15:21
17 Iomraidhean Croise  

Iku aja diwartakake ana ing Gat, lan aja digiyarake ana ing lurung-lurunge Askelon, supaya para wanita ing Filisti aja nganti padha suka pari suka, lan para prawane wong ikutan padha jingklak-jingklak.


Lan Sang Prabu Dawud beksa-beksa kalawan mempeng ana ing ngarsane Sang Yehuwah, panjenengane ngagem rasukan efod lena.


Para juru ngunekake kalasangka lan para juru ngidung mau banjur padha bebarengan ngidungake pepujian lan ngrepekake kidung panuwun konjuk marang Pangeran Yehuwah. Padha ngulukake swarane binarung ing swaraning kalasangka, kecer lan unen-unen liyane kalawan memuji marang Pangeran Yehuwah, pangucape: “Panjenengane iku becik! Sih-susetyane iku langgeng ing salawase.” Ing nalika iku padaleman mau, yaiku padalemaning Yehuwah, kapenuhan ing mega,


Para wong kendel wus padha kajarah-rayah, padha ngantuk angles, para prawira kabeh wus padha kaya koncatan ing kakuwatane.


Ing kono Nabi Musa lan wong Israel padha ngrepekake kidung konjuk marang Pangeran Yehuwah, mangkene: “Dakngidung konjuk ing Pangeran Yehuwah, awit linuwih kaluhurane jaran lan kang nunggangi padha kacemplungake ing sagara.


Kretane Sang Prabu Pringon lan balane dicemplungake ing sagara, para prawirane kang pilihan padha diklelebake ana ing sagara Teberau.


Iku padha ngidungake kidung anyar ana ing ngarepe dhampar lan ing ngareping makluk papat tuwin para pinituwa iku, lan ora ana wong kang bisa nyinau kidung iku, kajaba mung wong satus patang puluh papat ewu kang wus padha katebus saka ing bumi iku.


Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!


Sarta padha ngidungake kidung anyar, tembunge: “Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah,


Dhuh para ratu, mugi sami miyarsakna! Dhuh para pangageng, mugi sami nilingna! Manawi kawula, kawula badhe ngidung konjuk ing ngarsanipun Sang Yehuwah, lan ngidungaken masmur kagem Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel.


Nanging nalika padha mulih, sabaline Dawud saka anggone ngasorake wong Filisti iku, para wong wadon saka sakehe kutha ing Israel, padha methuk rawuhe Sang Prabu Saul karo padha sesindhenan lan jejogedan kalawan ngunekake trebang, padha suka pari suka sarta kalawan nabuh triwilah.


Lan wong wadon kang padha jejogedan iku padha sesindhenan saur-sauran, tembunge: “Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewon, nanging Sang Dawud puluhan ewon.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan