Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 15:20 - Kitab Sutji

20 Ing kono Ibu Miryam, nabi putri, sadhereke Rama Harun, banjur ngasta terbang, kadherekake sakehe wong wadon karo ngunekake terbang padha jejogedan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 15:20
33 Iomraidhean Croise  

Yagene kowe lunga ngglenes lan nglimpekake aku, yagene ora aweh weruh marang aku, supaya aku bisa nguntapake kowe kanthi suka-suka nganggo sesindhenan kalawan terbang lan clempung?


Iku aja diwartakake ana ing Gat, lan aja digiyarake ana ing lurung-lurunge Askelon, supaya para wanita ing Filisti aja nganti padha suka pari suka, lan para prawane wong ikutan padha jingklak-jingklak.


Lan Sang Prabu Dawud beksa-beksa kalawan mempeng ana ing ngarsane Sang Yehuwah, panjenengane ngagem rasukan efod lena.


Nalika pethine Sang Yehuwah mlebu ing kuthane Sang Prabu Dawud, Sang Putri Mikhal putrane Sang Prabu Saul ngungak ing cendhela, mirsa yen Sang Prabu Dawud lincak-lincak lan beksa-beksa ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Mulane Sang Putri ing sajroning panggalih nyepelekake Sang Prabu Dawud.


Sang Prabu Dawud lan sakehe wong Israel padha jejogedan sakatoge ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, binarung swaraning kekidungan, clempung, slukat, terbang klinthingan lan kecer.


Imam Agung Hilkia, Ahikam, Akhbor, Sang Safan lan Asaya banjur padha tindak manggihi nabi-wanita, yaiku nabi Hulda, garwane Sang Salum bin Tikwa bin Harhas, abdi-dalem reksa-busana. Nabi iku dedalem ana ing Yerusalem, ing pekampungan anyar. Para utusan padha mratelakake preluning kautus.


Sang Prabu Dawud dhawuh marang para tetindhihing wong Lewi, supaya para sadulure sakulawangsa padha dikona ngadeg, yaiku para juru ngidung kalawan nggawa pirantine musik, kayata slukat, clempung lan kecer, sarta supaya padha ngunekake lagu-lagu gembira kang sora.


Para putrane Rama Amram yaiku Rama Harun, Nabi Musa lan Ibu Miryam. Para putrane Rama Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.


Dhuh Allah kawula, Paduka mugi ngengetana ing sapandamelipun Tobia kaliyan Sanbalat. Makaten ugi dhateng pratingkahipun nabi estri Noaja saha para nabi sanesipun, ingkang sami badhe ngajrih-ajrihi kawula.


Iku kareben padha memuji asmane kalawan jejogedan, sarta kareben padha ngidungake masmur kagem Panjenengane kanthi swaraning terbang lan clempung,


Padha saosa puji marang Panjenengane kanthi terbang lan jejogedan, padha saosa puji marang Panjenengane kanthi swaraning clempung lan suling!


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi miyarsakaken saha melasi kawula, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng dados juru tetulung kawula!”


temah pepanthaning raja-kaya Paduka lajeng sami angsal panggenan wonten ing ngriku; dhuh Allah, margi saking sih-kadarman Paduka, Paduka maringi kabetahanipun tiyang ingkang katindhes.


Dhuh Allah, tiyang sami ningali tindak Paduka mawi arak-arakan, arak-arakanipun Allah kawula, Raja kawula dhateng ing pasucen.


Tiyang ingkang sesindhenan lumampah wonten ing ngajeng, ingkang wonten ing wingkingipun para ingkang sami ngungelaken clempung, ingkang wonten ing tengah para prawan ingkang sami nrebang.


Padha surak-suraka kagem Gusti Allah, kang dadi kasantosan kita, padha surak-suraka kagem Gusti Allahe Rama Yakub.


Bakyune ngadeg kepara adoh karo ngawat-awati lan arep weruh kapriye bakal kadadeane.


Ana wayahe nangis, ana wayahe ngguyu; ana wayahe sesambat, ana wayahe jejogedan.


Ingsun bakal mbangun sira maneh, temah sira binangun, he putri Israel! Sira bakal ngrerengga awakira maneh kinanthen trebang, lan metu kalawan jejogedan asukarena.


Awitdene sira rak wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, Sunluwari saka ing pangawulan sarta Ingsun rak wus ngutus Musa lan Harun, sarta Miryam minangka pangarepira?


Kacarita Ibu Miryam lan Imam Harun padha nutuh marang Nabi Musa prakara wong wadon bangsa Etiopia kang wus dipundhut garwa, marga panjenengane pancen wus mundhut garwa wong bangsa Etiopia iku.


Pangucape Ibu Miryam lan Imam Harun: “Apa Pangeran Yehuwah iku anggone maringake pangandika mung lumantar Musa bae, apa ora iya lumantar kita uga?” Mangka kang mangkono mau kapiyarsa dening Sang Yehuwah.


Nalika sasi kapisan wong Israel, yaiku wong saumat kabeh, padha tekan ing pasamunan Zin, banjur padha lereb ana ing Kadesy. Ibu Miryam seda ana ing kono lan iya ana ing kono anggone kasarekake.


Garwane Rama Amram iku Ibu Yokhebet, putrane Rama Lewi, kang miyos ana ing tanah Mesir. Ibu Yokhebet iku mbabar Imam Harun lan Nabi Musa apadene Ibu Miryam sadhereke estri, patutan karo Rama Amram.


Lan maneh ing kono iya ana nabi wadon, jenenge Hana, anake Fanuel, saka taler Asyer, wis tuwa banget. Sawise omah-omah banjur urip bebarengan karo bojone pitung tahun,


Sang Filipus iku kagungan putra estri papat, isih prawan, kang padha ginanjar bisa medhar wangsit.


Nanging saben wong wadon kang ndedonga utawa medhar wangsit sirahe tanpa kekudhung, iku ngremehake sirahe dhewe, sabab padha bae karo wong wadon gundhul.


Padha kaya ana ing sakehe Pasamuwane para suci, yen pinuju kumpulan wong wadon padha menenga, marga padha ora diparengake guneman, nanging prelu padha sumuyud, kaya kang kapangandikakake ana ing angger-anggering Toret.


Sarawuhe Sang Yefta ana ing Mizpa nyelaki daleme, putrane putri medal methukake klawan tetrebangan lan beksa. Dene putrane iku ontang-anting; ora ana maneh putrane kang liya kakung utawa putri.


Padha ngawasna temenan; manawa prawan-prawan ing Silo padha metu jejogedan, kowe nuli padha metua saka ing pakebonan anggur mau, lan siji-sijine panunggalanmu nggondhola prawan ing Silo siji dadia bojomu lan padha menyanga ing tanah Benyamin.


Ing wektu semana kang ngakimi wong Israel Ibu Dhebora, nabi wanita garwane Sang Lapidot.


Sawuse iku lakumu bakal tutug ing Gibea Allah, papan pandhudhukane bala Filisti. Lan manawa kowe mlebu kutha, ing kono kowe bakal kapethuk golongane nabi, kang mudhun saka tetengger pangurbanan, ing ngarepe ana wong kang nggawa slukat, trebang, suling lan clempung, iku dhewe padha medhar wangsit kaya nabi.


Nanging nalika padha mulih, sabaline Dawud saka anggone ngasorake wong Filisti iku, para wong wadon saka sakehe kutha ing Israel, padha methuk rawuhe Sang Prabu Saul karo padha sesindhenan lan jejogedan kalawan ngunekake trebang, padha suka pari suka sarta kalawan nabuh triwilah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan