Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 15:2 - Kitab Sutji

2 Pangeran Yehuwah iku kakuwatanku lan masmurku, kang dadi kaslametanku. Panjenengane iku Gusti Allahku kang dakalembana, Panjenengane iku Gusti Allahe bapakku kang dakluhurake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 15:2
64 Iomraidhean Croise  

karodene Ingsun bakal nganakake prajanjian ing antarane Ingsun kalawan sira saturunira nganti turun-tumurun dadi prasetyan kang langgeng, supaya Ingsun dadi Allahira lan Allahe turunira.


Dhuh Yehuwah, kawula ngantos-antos dhateng kawilujengan ingkang saking Paduka.


Gusti Allah kawula, peparang kawula, pangauban kawula, tameng kawula, singating karahayon kawula, kitha beteng kawula, papan pangungsen kawula, pamarta kawula; Paduka ingkang ngluwari kawula saking panganiaya.


Sang Yehuwah iku agesang! Pinujia peparangku, linuhurna Gusti Allah paranging karahayonku.


Panjenengane maringi karaharjan kang gedhe marang ratu kang dijumenengake, lan nandukake sihkadarman marang kang jinebadan, marang Dawud lan anak-putune nganti salawas-lawase.”


Paduka sampun ngangkat umat Israel dados umat Paduka kangge ing salaminipun saha Paduka dados Allahipun, dhuh Yehuwah.


“Lah sira mangkata lan matura marang abdiningSun Dawud: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira apa arep yasa omah kagem Ingsun murih Sundalemi?


Kawula sapunika sampun yasa padaleman kagem Paduka, papan palereman Paduka ing salami-laminipun.”


Nanging punapa inggih sayektos Gusti Allah badhe dedalem wonten ing bumi? Saestunipun langit, malah sanadyan langit ingkang wonten ing sanginggilipun langit sadaya, boten saged ngewrat Paduka, punapa malih padaleman ingkang kawula degaken punika.


Panjenengane iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, pangadilane iku nyrambahi ing salumahing bumi.


Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud. Dhuh Allah pepujan kawula, Paduka mugi sampun kendel,


Pangeran Yehuwah iku dadi karosanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.


Kawula ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka, margi Paduka sampun nyembadani panyuwun kawula sarta Paduka sampun dados karahayon kawula.


Paduka punika Allah kawula, Paduka badhe kawula caosi pamuji sokur, dhuh Allah kawula, Paduka badhe kawula luhuraken.


ngantos kawula manggih papan kagem Pangeran Yehuwah, padaleman kagem Ingkang Mahakuwaos, Allahipun Rama Yakub.”


Unjukku marang Pangeran Yehuwah: “Paduka punika Allah kawula, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nilingaken dhateng swantening pasambat kawula.”


Pepujian anggitane Prabu Dawud. Dhuh Allah kawula, dhuh Ratu kawula, Paduka badhe kawula luhuraken, saha badhe tansah memuji asma Paduka ing salaminipun.


Tiyang-tiyang ngamanca sami nglumpruk tanpa bayu, sarta sami medal nilar beteng-betengipun klayan gumeter.


Inggih, saestu Paduka ingkang nglairaken kawula saking guwa garba; Paduka ingkang murugaken kawula tentrem wonten ing dhadhanipun biyung kawula.


Dhuh Allah kawula, ing wanci siyang kawula sesambat, nanging Paduka boten paring wangsulan, ing wanci dalu makaten ugi, nanging kawula inggih boten tentrem.


Anggitane Prabu Dawud. Sang Yehuwah kang dadi pepadhangku lan pamartaku, sapa kang dakwedeni? Sang Yehuwah kang dadi bebetenging uripku, sapa kang marakake aku gumeter?


Sang Yehuwah iku dadi kasantosaning umate, Panjenengane dadi beteng karahayon tumrap wong kang dijebadi!


Masmur. Kidung kanggo nucekake Padaleman Suci. Anggitane Prabu Dawud.


Marga saka Sang Yehuwah nyawaku rumangsa mulya; wong kang lembah manah cikben padha krungu lan padha bungah.


tamatna balowartine, dlajahana kraton-kratone, supaya kowe padha bisa nyaritakake marang anak-putu.


Nanging kawula badhe ngidungaken kakiyatan Paduka, ing wanci enjing kawula badhe asurak-surak margi saking sih-kadarman Paduka; amargi Paduka punika sampun dados kitha beteng kawula, papan pangungsen kawula ing salebeting karupekan kawula.


Pinujia Pangeran! Sadina-dina Panjenengane nanggel urip kita. Gusti Allah iku karahayon kita. (Selah)


Linuhurna Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta padha sujuda nyembaha ana ing ngarsane ancik-anciking sampeyane, Panjenengane iku suci!


Padha ngluhurna Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta padha sujuda nyembaha ana ing ngarsane gununge kang suci, awit Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita iku suci.


Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: “Aja kuwatir, padha ditatag, lan delengen pangluwaran kang saka ing Pangeran Yehuwah, kang bakal diparingake marang kowe ing dina iki, amarga wong Mesir kang padha kokdeleng ing dina iki, iku bakal ora kokdeleng maneh ing salawas-lawase.


Sarta maneh pangandikane: “Ingsun iki Allahe leluhurira, Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub!” Sang Musa banjur nutupi pasuryane, marga ajrih nyawang marang Gusti Allah.


Sira kudu matur marang Pringon: Dhawuhipun Pangeran Yehuwah makaten: Israel iku putraningSun, iya putraningSun pambajeng;


Sawuse mangkono megane nglimputi Tarub Pasewakan, sarta Tarub Suci banjur kinebekan ing kamulyaning Yehuwah,


Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!”


Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”


Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka punika ingkang dados Allah kawula; kawula badhe ngluhuraken Paduka, badhe ngrepekaken kidung panuwun kagem asma paduka; amargi kalayan setya lan santosa anggen Paduka sampun nindakaken rancangan paduka ingkang elok ingkang wontenipun sampun wiwit ing kina mila.


Dene Israel kaparingan karahayon dening Sang Yehuwah karahayon kang langgeng; sira ora bakal padha kawirangan tuwin ora bakal kalepetan wirang nganti ing salawase lan ing sateruse.”


“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.”


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Langit iku dhamparingSun lan bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun; sira arep padha ngedegake padaleman apa kagem Ingsun, sarta panggonan apa kang bakal dadi palerebaningSun?


Sanyatane tengger-tengger pangurbanan iku mung apus-apus, yaiku kramean ing tengger-tengger iku! Sanyatane, mung Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, kang ngasta kaslametane Israel.


Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.


Para wong iku padha dadi umatingSun lan Ingsun jumeneng dadi Gusti Allahe.


Paduka tedhak perlu mitulungi umat Paduka, inggih mitulungi jebadan Paduka. Wuwunging griyanipun tiyang duraka Paduka remuk, dhasaripun Paduka brengkal ngantos selanipun ingkang pungkasan (sela).


Kang sapratelon iku banjur Sunlebokake ing geni, Sunlebur patrape kaya nglebur salaka, Sunbesot patrape kaya mbesot mas; iku bakal padha nyebut asmaningSun lan bakal Sunparingi wangsulan. Ingsun bakal ngandika: Iku umatingSun, sarta iku bakal padha munjuk: Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah kawula.”


lan ngretekake umate marang dalaning karahayon, adhedasar pangapuraning dosa-dosane


sabab mripat kawula sampun nyumerepi karahayon peparing Paduka,


Kowe iku padha sujud marang kang ora padha kokweruhi. Aku iki padha sujud marang kang padha Dakweruhi. Awit mungguh wijiling karahayon iku saka bangsa Yahudi.


supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.


Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”


Awit Gusti Allah lumantar Sang Kristus ngrukunake jagad karo Panjenengane Piyambak, ora ngetang panerake, lan masrahake pawarta karukunan iku marang kita.


Ana ing Padaleman iku kowe uga padha melu kabangun dadi padalemane Gusti Allah, ana ing sajrone Roh.


Panjenengane iku kang dadi underaning pepujianmu, iya Panjenengane iku Gusti Allahmu, kang wus nindakake pandamel kang linuwih lan nggegirisi, kang wus padha koksipati dhewe.


lan sakehing ilat padha ngakonana manawa “Gusti Yesus Kristus iku jumeneng Gusti”, murih kaluhuraning Gusti Allah, Sang Rama.


Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.


Panjenengane iku kadunungan Kaallahan sawetahe kang kasarira,


Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!


Sawuse mangkono aku krungu swara sora kaya swarane wong golongan gedhe ana ing swarga, pangucape: “Haleluya! Karahayon lan kamulyan sarta panguwaos punika wonten ing Allah kita,


Kali Kison ngentirake mungsuh, Kison, kali kang kesuwur wiwit kuna-makuna, – He nyawaku, mangsaha klawan sarosamu! –


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan