Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 15:17 - Kitab Sutji

17 Punika Paduka asta saha Paduka tanem wonten ing redi kagungan Paduka piyambak, ing panggenan ingkang Paduka agem dados padaleman Paduka, dhuh Yehuwah; ing pasucen yasaning asta Paduka, dhuh Pangeran.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 15:17
24 Iomraidhean Croise  

Ingsun wis nyepaki papan tumrap umatingSun Israel lan Suntanem ana ing kono, temah bisa manggon ana ing omahe dhewe, ora digiri-giri lan ditindhes dening wong ambek siya kaya dhek biyen,


Kawula sapunika sampun yasa padaleman kagem Paduka, papan palereman Paduka ing salami-laminipun.”


nuli Yahuda dadi papan pasucene, Israel dadi wewengkoning pangwaose.


“Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun ana ing Sion, gunungingSun kang suci.”


Dhuh Allah, kawula sampun mireng piyambak, saking para leluhur kawula ingkang sami nyariyosi kawula, bab pakaryan ingkang sampun Paduka tindakaken kala jamanipun, inggih kala jaman kina.


Gunung Basyan iku gunung kagungane Gusti Allah, gunung Basyan iku gunung kang pucake akeh!


Gusti Allah iku kesuwur ana ing Yahuda, asmane kondhang ana ing Israel!


Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, Paduka mugi karsaa wangsul, mirsanana saking ing swara sarta ningalana. Paduka mugi karsaa nggatosaken wit anggur punika,


Dhuh Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana Paduka, temah kawula sami manggih wilujeng.


Kalayan sihsusetya Paduka, anggen Paduka ngirid umat tetebusan Paduka; saha Paduka tuntun lampahipun sarana kasekten Paduka dhateng ing padaleman Paduka ingkang suci.


“Lah Ingsun bakal ngutus malaekat tindak ana ing ngarepira, perlu ngreksa lakunira ana ing dalan sarta ngirid lakunira menyang panggonan kang Suncawisake.


Lan Ingsun padha sira yasakna pasucen, supaya Ingsun dedalem ana ing tengahira.


Nanging samengko wis, sira lungaa, bangsa iku kairida menyang panggonan kang wus Sundhawuhake marang sira, lan malaekatingSun kang bakal lumaku ana ing ngarepira; nanging ing dina piwalesingSun, Ingsun bakal paring piwales tumrap dosane marang wong-wong iku.”


Ewadene sira Suntuwuhake dadi wit anggur pilihan, lan dadi wiji kang murni satuhu. Yagene ta, dene sira kok malih dadi wit kang mambu penguk, dadi wit anggur alasan!


Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, mangkene: “Samangsa Ingsun wus mulihake kaanane para wong iku, wong bakal ngucapake tetembungan iki maneh ana ing tanah Yehuda lan ing kutha-kuthane: He papan panggonaning kabeneran, he gunung kang suci, Sang Yehuwah muga mberkahana sira!


Ingsun bakal karenan damel becik marang wong-wong iku, marga saka wong-wong iku, sarta Sundamel tuwuh ana ing nagara kene kalawan setya, kalawan gumolonging galih lan gumolonging nyawaningSun.


Ingsun bakal nganakake prajanjian karukunan kalawan wong-wong mau kabeh lan iku bakal dadi prajanjian kang langgeng. Ingsun bakal mberkahi wong-wong iku, bakal Sundamel tangkar-tumangkar tuwin Sunparingi papan pasuceningSun ana ing tengah-tengahe ing salawas-lawase.


Ing kono para bangsa bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah kang nucekake Israel, marga papan pasuceningSun ana ing satengahe ing salawas-lawase.”


bangsa-bangsa bakal diundang menyang gunung; ana ing kono bakal padha nyaosake kurban sembelehan kang bener, awit bakal padha nesep kaluberaning sagara lan raja-brana kang kapendhem ana ing jero pawedhen.”


Dene menawa tanah darbekmu iku kadunungan najis, mara ta padha nyabranga menyang ing tanah kagungane Sang Yehuwah, ing panggonaning Tarub Sucine Sang Yehuwah, lan padha manggona ana ing tengahku kana. Mung bae aja mbalela marang Sang Yehuwah, lan iya aja mbalela marang aku kabeh kanthi gawe misbyah kanggo awakmu dhewe, kejaba saka misbyah kagungane Sang Yehuwah Gusti Allah kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan