Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 15:15 - Kitab Sutji

15 Ing wekdal punika para pangageng ing Edom sami geger, para pangwaos ing Moab sami kataman ing giris; tiyang isinipun tanah Kanaan sami gumeter.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 15:15
24 Iomraidhean Croise  

Iki pratelane para panggedhening taler-taler turune Esap: Elifas anake pembarep Esap nurunake panggedhening golongan Teman, golongan Omar, golongan Zefo lan golongan Kenas,


panggedhening golongan Korakh, golongan Gaetam lan golongan Amalek: iku para panggedhening golongan Elifas ing tanah Edom, iku turune Ada.


Iki jenenge para panggedhene bani Esap miturut golongan lan panggonane kalawan jenenge dhewe-dhewe; panggedhene golongan Timna, panggedhene golongan Alwa, panggedhene golongan Yetet,


Sanadyan tiyang ingkang gagah prakosa saha ingkang manahipun kados singa, temtu lajeng badhe nglokro babar pisan, amargi sadaya bala Israel ngertos, bilih ingkang rama punika satunggaling prawira lan para bala ingkang ndherek panjenenganipun punika sami gagah prakosa.


Amarga awasna, para raja padha ngumpul, sarta padha bebarengan mangsah nempuh;


Allah jumeneng, mungsuhe padha buyar, wong kang padha sengit marang Panjenengane larud saka ing ngarsane.


Awit saka iku sakehing tangan bakal dadi lemes, lan atine saben manungsa bakal luluh,


Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.


Tumrap Damsyik. “Hamat lan Arpad padha wirang, amarga padha krungu warta kang ala; atine dheg-dhegan marga semplah, ora bisa tentrem.


Dene manawa padha takon marang sira: Yagene kowe sesambat? Wangsulana: Marga saka ana pawarta! Manawa pawarta iku wus sumebar, saben wong atine bakal remuk lan sakehe tangan dadi jimpe, sakehe semangat ilang lan sakehe wong padha giris nganti kapoyuh-poyuh. Lah iku bakal teka lan mesthi bakal kelakon. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Wus ludhes, pandhes, nandhes! Ati nglentrih, dhengkul oklak-aklik, lambunge gumeter kabeh, raine wong kabeh padha pucet tanpa guwaya.


Panjenengane jumeneng, bumi kadamel gonjing, paningale mirsani mubeng, para bangsa padha pating jenggirat kalawan kaget, gunung-gunung kang wus ana wiwit kuna mula padha remuk, tengger-tengger kang wus maabad-abad anane padha mendhak; kaya mangkono tindake Sang Yehuwah maabad-abad.


Aku ndeleng tarube Kusyan padha kataman ing karubedan, tendha-tendhane tanah Midian padha kedher.


sarta para umat dhawuhana mangkene: Sadhela engkas sira padha lumaku ngliwati tlatahe sadulurira, bani Esap, kang padha manggon ing pagunungan Seir, iku bakal padha wedi marang sira, nanging sira padha dingati-ati kang banget;


Sawuse mangkono para panggedhe mau nyambungana pitembungane marang para prajurite mangkene: Sapa panunggalanmu kang wedi lan lembek atine iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya atine para sadulure aja nganti ajur luluh kaya atine wong iku.


Nanging para sadherek kula ingkang sami tumut lampah kula sami damel pepesing manahipun tiyang sabangsa; ewadene kula tetep mantep dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kula, kanthi gumolonging manah.


Sareng kula sami mireng bab punika, manah kula sami lemes tanpa daya sarta boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang taksih gadhah krekat wonten ing ngarsa panjenengan, amargi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, punika Gusti Allah ingkang wonten ing langit ing nginggil saha ing bumi ing ngandhap.


Ature marang Sang Senapati Yusak: “Yehuwah sampun maringaken saindenging nagari punika dhateng ing tangan kita, malah sakathahipun tiyang saisinipun negari punika sampun sami kekes wonten ing ngajeng kita.”


sarta kandha: “Kula sumerep, bilih Sang Yehuwah sampun maringaken tanah punika dhateng panjenengan, sarta kula sami kataman giris margi saking panjenengan, punapa dene sakathahing tiyang pribumi ing ngriki sami gumeter wonten ing ngarsa panjenengan,


Bareng sakehe para ratune bangsa Amori kang ana ing sakulone bengawan Yarden lan sakehe ratune bangsa kang ana ing pinggir sagara, padha mireng pawartane Sang Yehuwah anggone ngasatake banyune bengawan Yarden ana ing ngarepe wong Israel, nganti sarampunge anggone nyabrang, panggalihe temah padha lemes lan ilang semangate ana ing ngarepe wong Israel.


Bareng para prajurite jaga-baya Sang Prabu Saul ing Gibea-Benyamin weruh kang mangkono iku – lan wong padha ribut lumaku mrana-mrene kaya alun kang ngombak-ombak mrana-mrene. –


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan