PANGENTASAN 15:14 - Kitab Sutji14 Para bangsa sami mireng temah inggih sami gumeter; makaten ugi ingkang sami manggen ing tanah Filisti sami kraos giris. Faic an caibideil |
temtu badhe cariyos dhateng tiyang ingkang sami manggen ing nagari ngriki, ingkang sampun sami mireng, bilih Paduka Pangeran Yehuwah, wonten ing tengahipun bangsa punika, saha bilih Paduka sampun ngatingal dhateng bangsa punika kalayan aben ajeng, saha bilih sami kaeyuban ing mega Paduka, punapa malih anggen Paduka ngirid lampahipun punika manawi siyang srana tugu mega, manawi dalu srana tugu latu.
Sareng kula sami mireng bab punika, manah kula sami lemes tanpa daya sarta boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang taksih gadhah krekat wonten ing ngarsa panjenengan, amargi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, punika Gusti Allah ingkang wonten ing langit ing nginggil saha ing bumi ing ngandhap.
Wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Para abdi panjenengan sami angsal wartos ingkang gumathok, bilih Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun paring dhawuh dhateng Nabi Musa, abdinipun, supados maringaken nagari punika sadaya dhateng panjenengan, sarta nyirnakaken sakathahipun tiyang ingkang manggen ing nagari punika saking ing ngarsa panjenengan; mila kula sami ajrih sanget manawi badhe kecalan nyawa kula wonten ing ngarsa panjenengan; inggih punika sababipun kula lajeng gadhah patrap ingkang kados mekaten punika.