12 Paduka ngegaraken asta Paduka tengen; temah lajeng sami inguntal dening bumi.
Manawi kawula wonten ing salebeting karibedan, Paduka ingkang nggesangaken kawula, Paduka ngagagaken asta Paduka dhateng nepsunipun para mengsah kawula, saha kawula kapitulungan ing asta Paduka tengen.
Dhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika mulya margi saking pangwaos Paduka dhuh Yehuwah, asta Paduka tengen punika ngremuk mengsah.
Yaiku rancangan kang wus kadamel tumrap salumahing bumi, lan yaiku asta kang kaayatake marang sakehe bangsa.