PANGENTASAN 15:11 - Kitab Sutji11 Dhuh Yehuwah, panunggilanipun para allah sinten ingkang nyameni Paduka; sinten ingkang kados Paduka, mulya margi saking kasucen Paduka, ngajrih-ajrihi awit saking pakaryan Paduka ingkang misuwur? Paduka nindakaken kaelokan. Faic an caibideil |
Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.
Lah, kayadene singa kang jumedhul saka ing alas gegrumbulane bengawan Yarden, marani pasuketan panggonaning pepanthan wedhus, mangkono uga Ingsun bakal ndadekake wong iku dadakan padha lumayu saka ing nagara kono sarta matah ana ing kono sapa kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa Ingsun? Pangon sing endi kang wani adu arep karo Ingsun?
Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?