Gusti Allah tumuli ngengeti marang Rama Nuh lan marang sarupane kewan alasan lan kewan ingon-ingon kang padha melu ana ing sajrone prau; sarta Gusti Allah ndhatengake angin ana ing bumi, temah banyune wiwit surud.
Wonten ing ngajengipun para leluhur wau, Paduka miyak seganten, temah sami saged nyabrang, medal ing gasikan wonten ing satengah-tengahing seganten wau. Nanging ingkang sami mbujeng Paduka cemplungaken ing teleng kados sela wonten ing toya ingkang ngebat-ebati.
Nabi Musa banjur ngayatake astane marang ing sadhuwure sagara, Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake banyune larud marga saka angin wetan kang banter nganti sawengi natas, sagarane dadi gasik, banyune kapiyak.
Sapa ta kang wus munggah marang swarga banjur mudhun? Sapa ta kang wus nglumpukake angin ing tangane? Sapa ta kang wus mungkus banyu nganggo sandhangan? Sapa ta kang nemtokake sakehe poncoting bumi? Iku jenenge sapa lan sapa jenenge anake? Kowe mesthi weruh!
Sang Yehuwah bakal ngesat teluk Mesir kalawan napase kang nggesengake, tuwin ngayatake astane marang bengawan Efrat, kang nuli kapupuh temah pecah dadi kali pitu, njalari wong banjur bisa liwat nganggo trumpah.
Samangsa Panjenengane ngedalake swantene, swaraning banyu ing langit gumuruh, Panjenengane ngumbulake mega mendhung saka poncoting bumi, damel kilat binarung udan lan ngwedalake angin saka ing perawatane.
Satemene Panjenengane kang yasa gunung-gunung lan nitahake angin, sarta nyumurupake marang manungsa apa kang digalih, kang yasa padhang lan peteng, sarta kang tindak ana ing sadhuwure tengger-tengger, iku Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi asmane.
uga kang ditandukake marang wadya-bala Mesir dalah jaran lan kretane, yaiku anggone Panjenengane damel klelebe banyune sagara Teberau, nalika padha nututi kowe, banjur padha katumpes dening Sang Yehuwah kanggo ing salawase.