Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 15:1 - Kitab Sutji

1 Ing kono Nabi Musa lan wong Israel padha ngrepekake kidung konjuk marang Pangeran Yehuwah, mangkene: “Dakngidung konjuk ing Pangeran Yehuwah, awit linuwih kaluhurane jaran lan kang nunggangi padha kacemplungake ing sagara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 15:1
27 Iomraidhean Croise  

Wonten ing ngajengipun para leluhur wau, Paduka miyak seganten, temah sami saged nyabrang, medal ing gasikan wonten ing satengah-tengahing seganten wau. Nanging ingkang sami mbujeng Paduka cemplungaken ing teleng kados sela wonten ing toya ingkang ngebat-ebati.


Elinga manawa kowe kudu ngluhurake pakaryane, kang tansah dikidungake dening manungsa.


Gusti Allah ngirid umate metu kalawan bungah-bungah, sarta pepilihane kalawan surak-surak.


Nalika iku para leluhur banjur padha ngandel marang pangandikane, sarta ngidungake pepujian katur ing Panjenengane.


Wong iku kareben padha ngaturake panuwun marang Pangeran Yehuwah awit saka sih-susetyane, lan kaelokane marang para anaking manungsa;


Wong mau kareben padha ngaturake panuwun marang Sang Yehuwah, marga saka sih-susetyane, marga saka kaelokane marang para anaking manungsa,


Paduka ingkang dados pasingidan kawula, Paduka nebihaken kawula saking karibedan, Paduka ngemuli kawula, temah kawula luwar sarta asurak-surak. (Selah)


Para wong kendel wus padha kajarah-rayah, padha ngantuk angles, para prawira kabeh wus padha kaya koncatan ing kakuwatane.


Dhuh Allahipun Rama Yakub, amargi saking bebendu Paduka, kapal saha ingkang numpaki sami katileman.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira acungna ing sadhuwure sagara, supaya banyune nangkeb pulih ngelebi wong Mesir dalah kreta lan balane jaranan.”


Nabi Musa tumuli ngacungake astane ing sadhuwure sagara, bareng esuk banyune pulih kaya maune. Wong Mesir padha lumayu papagan karo baline banyu; kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah nglelebake wong Mesir ing tengahing sagara.


Ibu Miryam tumuli ngidung mimpin para wong wadon mau, wiraose: “Padha ngidungna kagem Pangeran Yehuwah, awit linuwih kaluhurane, jaran lan kang nunggangi padha dicegurake ing sagara.”


Saiki aku sumurup, yen kaluhuraning Pangeran Yehuwah iku ngungkuli sakehe para allah; marga Panjenengane wus ngentasake bangsa iki saka ing tangane wong Mesir, sabab wong-wong iku wus padha tumindak sawenang-wenang marang bangsa iki.”


Wong kang ala kejiret dening panerake dhewe, nanging wong bener iku bakal bungah-bungah lan sukarena.


padha ngunjukna kekidungan anyar marang Sang Yehuwah lan ngluhurna Panjenengane saka ing poncoting bumi! Sagara cikben gumuruh dalasan isine kabeh, tuwin pulo-pulo dalasan kang ngenggoni kabeh.


Kalawan sira Ingsun ngremuk jaran dalah kang nunggangi, kalawan sira Ingsun ngejur kareta perang dalah kang nunggang.


Sarta ing dina iku sira bakal Sundamelake prajanjian karo sato-kewan ing ara-ara lan manuk-manuk ing awang-awang, apadene karo sakabehe kewan kang gumremet ana ing bumi. Gandhewa, pedhang sarta pirantining perang bakal padha Sunsirnakake saka ing bumi, tuwin sira bakal Sundamel bisa nglegeyeh kalawan tentrem.


ewasamanten kawula badhe asurak-surak wonten ing Pangeran Yehuwah, abingah-bingah wonten ing Gusti Allah ingkang ngluwari kawula.


Ing nalika iku wong Israel ngrepekake kidung kang surasane: “He, sumber, mumbula! Ayo padha kekidungan sesauran, marga saka sumur, kang kadhudhuk dening para raja iki,


Panjenengane wus mblejedi para pamarentah lan para panguwasa, lan padha kadadekake pangewan-ewan, amarga wus padha dikalahake.


Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan