Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 14:9 - Kitab Sutji

9 Anadene wong Mesir, sakehe jaran lan kretane Sang Prabu Pringon, prajurit jaranan lan wadya-balane, padha nututi wong Israel, anggone katututan nalika padha leren ana ing pinggir sagara, cedhak Pi-Hakhirot ing sangarepe Baal-Zefon.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 14:9
5 Iomraidhean Croise  

Nanging Gusti Allah anggone ngirid bangsa iku dienggokake metu pasamunan saurute sagara Teberau. Wong Israel anggone padha budhal saka ing tanah Mesir, kalawan siyaga ing perang.


“Wong Israel iku padha sira prentahana supaya bali lan nuli padha lerena ana sawetane Pi-Hakhirot ing saantarane Migdol karo sagara, kaprenah penere Baal-Zefon ing pinggir sagara.


Ujaripun mengsah: Dakburune, dakandum rayahan; hawanepsuku daksokne marang wong-wong iku, pedhangku dakunuse; bakal padha katumpes dening tanganku.


Budhal saka Etam tumuli bali menyang ing Pi-Hakhirot, kang kaprenah ana ing penere Baal-Zefon, sarta padha nginep ana ing sawetane Migdol.


Bareng leluhurira wus padha Sunirid metu saka ing tanah Mesir lan sira wus padha tekan ing segara, wong Mesir banjur padha nututi para leluhurira kalawan bala kretan lan jaranan nganti tutug ing Segara Teberau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan