8 Mangkono Pangeran Yehuwah anggone muguhake galihe Sang Prabu Pringon, raja ing Mesir itu, temah banjur nututi wong Israel, nanging wong Israel lumaku terus kalawan katuntun dening asta kang luhur.
Pranatan iku dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger ing bathukmu, awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kita saka ing tanah Mesir.”
Nanging Gusti Allah anggone ngirid bangsa iku dienggokake metu pasamunan saurute sagara Teberau. Wong Israel anggone padha budhal saka ing tanah Mesir, kalawan siyaga ing perang.
Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir.
Dene Ingsun, lah Ingsun bakal muguhake atine wong Mesir, temah padha nututi wong Israel, sarta Ingsun bakal nedahake kaluhuraningSun marang Pringon sabalane, kretane sarta balane jaranan.
Ingsun bakal muguhake atine Pringon, temah bakal nututi marang para umat. Lan Ingsun bakal nedahake kamulyaningSun marang Pringon sabalane, satemah wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.” Wong Israel iya banjur padha nglakoni mangkono.
Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.
Nanging Pangeran Yehuwah muguhake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, supaya sira aja dadi bature tukon maneh. Ingsun wus mutungake pasangan kang ana ing pundhakira lan lakunira Sunjejegake.
Budhale saka Rameses ing sasi kapisan tanggale ping limalas salebare Paskah, wong Israel padha budhal marga dening asta kang kaulukake, ing sapandelenge wong Mesir kabeh,
Allahipun bangsa Israel sampun milih leluhur kita, tuwin kadadosaken bangsa ingkang ageng, nalika dados tiyang neneka wonten ing tanah Mesir, tumunten kairid medal saking nagari wau dening Panjenenganipun kalayan astanipun ingkang luhur.
Sang Yehuwah tumunten ngentasaken kawula saking tanah Mesir kanthi asta ingkang rosa saha klayan lengen ingkang kaulukaken, punapadene srana kasekten ingkang nggegirisi sarta srana pratandha-pratandha tuwin mukjijat-mukjijat.
nanging Ingsun sumelang manawa mungsuh banjur nuwuhake gerahing panggalihingSun, bokmanawa lawanane iku padha salah tampa nganti duwe pangucap: Tanganku unggul, dudu Sang Yehuwah kang nindakake iki kabeh.
Jalaran saka pangrehe Sang Yehuwah, atine wong mau pada diwangkotake, temah padha perang nglawan wong Israel, amrih pada katumpes, ora diwelasi, nanging pada disirnakake, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Lan Ingsun bakal ngosikake atine Sisera, senapatine Yabin, supaya methukna marang sira karo keretane perang lan sabalane kabeh ana ing lebake kali Kison, nuli bakal Sunulungake ing tanganira.”