PANGENTASAN 14:30 - Kitab Sutji30 Mangkono Pangeran Yehuwah ing dina iku anggone ngluwari wong Israel saka ing tangane wong Mesir, dene wong Israel padha ndeleng wong Mesir wus padha mati ngglasah ana pinggir sagara. Faic an caibideil |
Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?