Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 14:3 - Kitab Sutji

3 Ing kono pringon bakal ngarani yen Israel padha bingung kesasar ana ing nagara kene, padha kapepetan ing pasamunan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 14:3
15 Iomraidhean Croise  

Kawula linggiha utawi ngadega Paduka uninga, Paduka mirsa osiking manah kawula saking katebihan.


Sabab saderengipun ilat kawula ngedalaken tetembungan, sayektosipun Paduka sampun nguningani punika sadaya, dhuh Pangeran Yehuwah.


Dhuh Yehuwah, pinten-pinten satru kawula, kathah tiyang ingkang nglawan kawula;


pangucapipun: “Wong kae wus ditegakake dening Gusti Allah, padha oyaken, nganti kecekel, awit ora ana kang mitulungi!”


“Wong Israel iku padha sira prentahana supaya bali lan nuli padha lerena ana sawetane Pi-Hakhirot ing saantarane Migdol karo sagara, kaprenah penere Baal-Zefon ing pinggir sagara.


Ingsun bakal muguhake atine Pringon, temah bakal nututi marang para umat. Lan Ingsun bakal nedahake kamulyaningSun marang Pringon sabalane, satemah wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.” Wong Israel iya banjur padha nglakoni mangkono.


Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Iya sira iku kang wus Sunpangandikakake ing wektu-wektu kang wus kapungkur lumantar para abdiningSun, yaiku para nabining Israel, kang ing wektu iku nganti mataun-taun padha memeca, manawa sira bakal Sunlurugake nglawan marang umatingSun.


sami nglampahi sadaya ingkang sampun Paduka tamtokaken wiwit sakawit kanthi panguwaos saha margi saking karsa Paduka.


Nanging samangsa padha kataman ing bilai lan kasangsaran bola-bali, kidung iki bakal minangka paseksi tumrap wong-wong iku; marga kidung iki bakal tetep tumempel ing lambene para turune, awitdene Ingsun mirsa apa kang dadi kekarepaning atine ing dina iki, sadurunge Sunirid lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos.”


Bareng wong ing Gaza kono padha dikandhani: “Simson ana ing kene,” tumuli padha ngepung lan nyegati ana ing gapuraning kutha sawengi muput, nanging ora tumindak apa-apa, marga gagasane: “Mengko yen wus wayah bangun esuk, dheweke bakal dakpateni.”


Udinen ngawruhi ing ngendi papan pandhelikane. Sira nuli sowana marang ingsun kalawan nggawa warta kang genah, lan ingsun bakal mbarengi lakunira. Lah, saupama wong iku ana ing njero nagara ingsun bakal nliti wong iku ana ing antarane sakehe ewon-ewoning wong Yehuda.”


Sang Prabu Saul diaturi pirsa, yen Sang Dawud wis mlebu ing kutha Kehila. Sang Prabu Saul nuli ngandika: “Gusti Allah wis masrahake Dawud ana ing tanganku, amarga mlebu ing kutha kang ana gapura lan ana slarake, iku ateges ngurung awake dhewe.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan