Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 14:25 - Kitab Sutji

25 Rodhane kreta didadekake miring njalari rekasa banget majune, temah wong Mesir banjur padha sapocapan: “Payo padha lumayu bae ninggal wong Israel, awitdene Pangeran Yehuwah kang nyarirani perange nglawan wong Mesir.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 14:25
26 Iomraidhean Croise  

Sakehe karajan ing nagara-nagara liya padha katempuh ing pagiris, nalika krungu bab anggone Pangeran Yehuwah perang nglawan para mungsuhe Israel.


Sawuse kabeh dakulatake, aku tumuli ngadeg mituturi marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Sampun sami ajrih dhateng tiyang-tiyang punika, sami engeta dhateng Gusti Allah ingkang mahaagung lan nggegirisi sarta sami nglampahana perang nglabuhi sadherek-sadherek panjenengan, para putra panjenengan jaler estri, garwa panjenengan lan pemahan panjenengan.”


Bareng sakehing mungsuhku padha krungu wartane, sakehing bangsa ing sakubengku padha wedi, amarga padha kaweleh lan ngreti, yen pagawean iku katindakake kalawan pitulungane Gusti Allah.


Wonten ing ngajengipun para leluhur wau, Paduka miyak seganten, temah sami saged nyabrang, medal ing gasikan wonten ing satengah-tengahing seganten wau. Nanging ingkang sami mbujeng Paduka cemplungaken ing teleng kados sela wonten ing toya ingkang ngebat-ebati.


Nanging mripate wong duraka mesthi bakal dadi lamur, mulane padha ora bisa lumayu ngungsi maneh; kang dadi pangarep-arepe mung pecating nyawane.”


Sanadyan bisa ngoncati gegaman wesi, nanging banjur kena tinembus ing panah tembaga.


Binenturan dening Allah tanpa welas, kalawan gugup anggone ngoncati astane.


Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi mabenana tiyang ingkang sami mabeni kawula, mugi merangana tiyang ingkang sami merangi kawula.


Mara padha lungaa, sawangen pakaryane Sang Yehuwah, kang nuwuhake tetumpesan ana ing bumi,


Pangeran paring pangandika; wong kang padha nggawa kabar becik iku dadi wadya-bala kang gedhe.


Para wong kendel wus padha kajarah-rayah, padha ngantuk angles, para prawira kabeh wus padha kaya koncatan ing kakuwatane.


Pangeran Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng bae.”


Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun wus nedahake kaluhuraningSun marang Pringon, kretane lan wadya-balane jaranan.”


Ingsun bakal muguhake atine Pringon, temah bakal nututi marang para umat. Lan Ingsun bakal nedahake kamulyaningSun marang Pringon sabalane, satemah wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.” Wong Israel iya banjur padha nglakoni mangkono.


Pangeran Yehuwah iku prawira ing perang; Yehuwah, yaiku asmane.


Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku: “Kayadene singa utawa singa enom kang gereng-gereng ngukuhi memangsane, lan ora kaget krungu gembar-gembore pangon sagolongan kang dikumpulake arep nglawan, sarta ora mundur dening ramene, iya mangkono bakal tumedhake Pangeran Yehuwah Gustining sarwa dumadi lan banjur perang ngekahi gunung Sion lan tenggere.


Kalawan sira Ingsun ngremuk jaran dalah kang nunggangi, kalawan sira Ingsun ngejur kareta perang dalah kang nunggang.


Ingsun bakal nyumed geni ana ing sajroning baluwartine Raba, kang mangsa kadhatone nganti entek, binarung ing suraking paprangan, lan kinanthenan angin gedhe ing dinaning prahara,


Umpamane kaya wong kang lumayu saka ing ngarepe singa, dumadakan kepethuk karo bruwang, sarta bareng tekan ing omahe, lan sendhen ing tembok kalawan tangane katemplekake, banjur kacakot ula.


Aku ndeleng Pangeran jumeneng ana ing sacedhake misbyah, sarta ngandika: “Pucuking saka iku gandhenen kang seru supaya undhak-undhakane horeg, padha jugrugna marang sirahe wong akeh, lan kekarene bakal padha Sunpateni kalawan pedhang, bakal ora ana kang bisa lumayu siji-sijia, lan iya ora ana siji-sijia kang bisa oncat.


Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,


Mulane aja wedi, marga Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang nyarirani perangmu.”


Marga gunung parange wong-wong iku ora kaya gunung parang kita; bab iku mungsuh kita kena dadi hakim.


Durung tau ana dina kang kaya mangkono mau, saprana-saprene; dene Sang Yehuwah nganti midhangetake panyuwune manungsa kang kaya mangkono, amarga Sang Yehuwah piyambak kang nyarirani perange wong Israel.


Sang Yehuwah tumuli ngisruhake Sisera lan sakehing karetane tuwin sabalane kabeh ana ing ngarsane Sang Barak kalawan landheping pedhang, temah Senapati Sisera banjur mandhap saka ing karetane, keplajeng kalawan dharat.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan