Ing sakedhap netra iku padha mati, ing wayah tengah wengi wong padha digawe geger lan banjur tumpes; wong kang santosa padha kasirnakake ora dening tanganing wong.
Manawa Panjenengane kendel, sapa kang bakal nibakake paukuman? Manawa ngumpetake pasuryane, sapa kang bakal sumurup Panjenengane, sanajana bangsa utawa sawiji-wijining wong? –,
dene Gusti Allah tindak ana ing ngarepe, ing wayah awan ana ing tugu mega kang diagem nuntun lakune, lan ing wayah bengi ana ing tugu geni kang diagem madhangi, supaya padha bisa mbanjurake lakune rina lan wengi.
Rodhane kreta didadekake miring njalari rekasa banget majune, temah wong Mesir banjur padha sapocapan: “Payo padha lumayu bae ninggal wong Israel, awitdene Pangeran Yehuwah kang nyarirani perange nglawan wong Mesir.”
Sanadyan padha lumaku ana ing ngarepe mungsuhe minangka tawanan, Ingsun bakal utusan pedhang supaya mateni wong-wong iku ana ing kono. Ingsun bakal ngarahake tingalingSun marang wong-wong iku supaya padha cilaka, ora supaya padha slamet.”
Esuke Sang Prabu Saul merang balane dadi telung bregada. Iku padha nrajang ing satengahe pakemahane mungsuh ing wayah esuk umun-umun lan nggecak wong Amon sadurunge awan, lan wong kang bisa oncat pating slebar, ora ana wong loro kang isih kumpul.