Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 14:22 - Kitab Sutji

22 Dadine wong Israel banjur padha metu tengahing sagara lumaku ana ing gasikan; dene banyune prasasat tembok kang ngamping-ampingi ing kiwa lan tengene.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 14:22
27 Iomraidhean Croise  

Ageme jubah Nabi Elia kang wus tiba mau tumuli dicandhak tuwin disabetake ing banyu kalawan nguwuh: “Endi Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Rama Elia?” Bareng banyune kasabet banjur piyak ngiwa nengen, Elisa banjur nyabrang.


Nabi Elia nuli mundhut ageme jubah, digulung lan disabetake ing banyu, temah piyak ngiwa nengen; kekalihe banjur padha nyabrang lumampah ing gasikan.


Wonten ing ngajengipun para leluhur wau, Paduka miyak seganten, temah sami saged nyabrang, medal ing gasikan wonten ing satengah-tengahing seganten wau. Nanging ingkang sami mbujeng Paduka cemplungaken ing teleng kados sela wonten ing toya ingkang ngebat-ebati.


Segara Teberau didukani temah dadi asat, para leluhur banjur padha dilakokake ana ing samodra agung, kayadene liwat ing ara-ara samun.


Segara Teberau dipiyak dadi loro, awit langgeng sih-kadarmane.


Lan nyabrangake Israel metu ing tengahe, awit langgeng sih-kadarmane.


Segara diwalik dadi dharatan, wong padha lumaku dharat nyabrang ing bengawan. Awit saka iku kita padha sukarena marga saka Panjenengane,


Paduka ingkang mbelah sumber saha lepen; Paduka ingkang ngesataken lepen-lepen ingkang ajeg mili.


segara dipiyak, para leluhur padha disabrangake; banyune diadegake kaya bendungan,


Balik lakune wong Israel iku lestari ana ing gasikan ing satengahe sagara, sarta banyune prasasat dadi tembok ngamping-ampingi ana ing kiwa lan tengene.


Nalika jarane Sang Prabu Pringon lan kretane dalah balane jaranan padha mlebu ing sagara, nuli Pangeran Yehuwah nangkebake banyune sagara maneh, temah padha kleleb, balik wong Israel padha ngambah gasikan ana ing tengahe sagara.


Sarana pangempusing grana Paduka, toya ngantos sami tumpuk-undhung sadaya ilen-ilen sami ngadeg jejeg kados bendungan. Samodra-agung sami njendhel wonten ing tengahipun samodra.


Sang Yehuwah bakal ngesat teluk Mesir kalawan napase kang nggesengake, tuwin ngayatake astane marang bengawan Efrat, kang nuli kapupuh temah pecah dadi kali pitu, njalari wong banjur bisa liwat nganggo trumpah.


Banjur bakal ana dalan gedhe kanggo kekarene umate kang isih ana ing Asyur, kaya kang biyen wis ana kanggo Israel, nalika padha metu saka ing tanah Mesir.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, kang wus karya dalan ngliwati sagara lan ngliwati banyu kang ngedab-edabi,


Punapa sanes Paduka ingkang ngasataken seganten, toyaning samodra ageng ingkang ngedab-edabi? ingkang ndadosaken margi seganten ingkang lebet, supados para tiyang ingkang kaluwaran sami saged nyabrang?


ingkang kalayan astanipun ingkang luhur nganthi Nabi Musa wonten ing tengenipun; ingkang mbelah toya wonten ing ngajenging umatipun supados langgengnga asmanipun;


ingkang nuntun umatipun nglangkungi samodra agung kadosdene kapal nglangkungi ara-ara samun? Tiyang-tiyang wau boten nate kesandhung,


Sarta Ingsun piyambak, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – bakal dadi baluwarti geni ing sakubenge, apadene dadi kamulyan ana ing jerone.”


Banjur budhal saka Pi-Hakhirot, padha nyabrang lumaku ana ing tengahe segara ngener marang pasamunan, tumuli lumaku ing pasamunan Etam nganti telung dina, nuli padha leren ana ing Mara.


Anadene karepku, para sadulur, supaya kowe padha ngreti, yen para leluhur kita padha kaauban ing mega, lan kabeh wis padha lumaku nratas patunggilane Nabi Musa sarana kabaptis ana ing mega lan ing sagara mau.


Marga saka pracaya wong-wong iku padha ngliwati Sagara Abang kaya lumaku ing dharatan, mangka wong-wong Mesir padha klelep, nalika padha nyoba mangkono uga.


banyu kang mili saka ing dhuwur banjur mambeg. Banyu kang mili saka ing dhuwur angendhukur dadi bendungan, dawa banget nganti tekan ing sacedhake kutha Adam, kang kaprenah ana ing sisihe Sartan; dene banyu kang mili menyang ing Segara Araba, yaiku Segara Asin, iku pedhot babar pisan. Bangsa Israel tumuli padha nyabrang prenahe ana ing ngarepe kutha Yerikho.


Nanging para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah iku padha mandheg ana ing gasikan ing tengahing bengawan Yarden; dene wong Israel sabangsa kabeh padha nyabrang ana ing gasikan, nganti kabeh wus padha nyabrang ing bengawan kono.


iku padha wenehana sumurup mangkene: Wong Israel wus nyabrang ing bengawan Yarden iki kalawan ngambah ing gasikan! –


Tiyang-tiyang punika sami prasasat pager tembok ing sakubeng kula rinten dalu, salaminipun kula sami ngengen menda wonten ing sacelakipun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan