Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 14:21 - Kitab Sutji

21 Nabi Musa banjur ngayatake astane marang ing sadhuwure sagara, Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake banyune larud marga saka angin wetan kang banter nganti sawengi natas, sagarane dadi gasik, banyune kapiyak.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 14:21
30 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah tumuli ngengeti marang Rama Nuh lan marang sarupane kewan alasan lan kewan ingon-ingon kang padha melu ana ing sajrone prau; sarta Gusti Allah ndhatengake angin ana ing bumi, temah banyune wiwit surud.


Nabi Elia nuli mundhut ageme jubah, digulung lan disabetake ing banyu, temah piyak ngiwa nengen; kekalihe banjur padha nyabrang lumampah ing gasikan.


Wonten ing ngajengipun para leluhur wau, Paduka miyak seganten, temah sami saged nyabrang, medal ing gasikan wonten ing satengah-tengahing seganten wau. Nanging ingkang sami mbujeng Paduka cemplungaken ing teleng kados sela wonten ing toya ingkang ngebat-ebati.


Sagara disirepake sarana pangwasane, sarta sarana kawicaksanane anggone nggecak marang Rahab.


Ana ing ngendi dalane menyang ing papan sumebaring pepadhang, lan papan pencaring angin ing salumahing bumi?


Segara Teberau dipiyak dadi loro, awit langgeng sih-kadarmane.


he geni lan udan es, salju lan pedhut, angin prahara kang nindakake sabdane;


Segara diwalik dadi dharatan, wong padha lumaku dharat nyabrang ing bengawan. Awit saka iku kita padha sukarena marga saka Panjenengane,


Inggih Paduka punika ingkang miyak saganten klayan kakiyatan Paduka, ingkang ngremuki endhasipun naga-naga wonten ing sanginggiling toya.


segara dipiyak, para leluhur padha disabrangake; banyune diadegake kaya bendungan,


Dene mungguh sira, angkaten tekenira lan acungna marang ing sadhuwure sagara, piyaken banyune; supaya wong Israel padha lumaku ana ing gasikan ing tengahe sagara.


Mangkono dadine tugu mega mau mapan ana ing antarane bala Mesir lan bala Israel. Sarehne tugu mega mau njalari peteng, mulane kang siji ora bisa nyedhaki sijine, ing sajroning sawengi iku.


Sarana pangempusing grana Paduka, toya ngantos sami tumpuk-undhung sadaya ilen-ilen sami ngadeg jejeg kados bendungan. Samodra-agung sami njendhel wonten ing tengahipun samodra.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang Harun mangkene: Tekenmu jupuken! Banjur ayatna marang sakehe banyu ing tanah Mesir, marang sadhengah kali, kalen-kalen, blumbang lan sadhengah panggonan banyu, supaya padha maliha dadi getih. Banjur bakal ana getih ing sawratane tanah Mesir, dalah ing sakehe wadhah kayu lan watu.”


Pangeran Yehuwah wus ngayatake astane marang ing sagara lan damel karajan-karajan padha gumeter; Panjenengane wus dhawuh supaya bettenge Kanaan padha kasirnakake.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, kang wus karya dalan ngliwati sagara lan ngliwati banyu kang ngedab-edabi,


Ingsun kang ngandika marang telenging sagara: Dadia asat, Ingsun karsa ngasatake kali-kalinira!


Yagene nalika Ingsun rawuh kok ora ana wong, lan nalika Ingsun nimbali kok ora ana kang sumaur? Apa bokmanawa astaningSun cupet dene ora bisa ngluwari, utawa apa Ingsun ora kagungan kakuwatan kanggo ngluwari? Lah marga Ingsun duka, Ingsun ngesatake sagara, kali-kali Sundadekke ara-ara samun; iwake padha mambu bacin marga ora ana banyu lan banjur padha mati kasatan.


Punapa sanes Paduka ingkang ngasataken seganten, toyaning samodra ageng ingkang ngedab-edabi? ingkang ndadosaken margi seganten ingkang lebet, supados para tiyang ingkang kaluwaran sami saged nyabrang?


Sabab Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang ngocakake sagara, satemah gumleger rame swaraning alune. – Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah iku asmane.


ingkang kalayan astanipun ingkang luhur nganthi Nabi Musa wonten ing tengenipun; ingkang mbelah toya wonten ing ngajenging umatipun supados langgengnga asmanipun;


ingkang nuntun umatipun nglangkungi samodra agung kadosdene kapal nglangkungi ara-ara samun? Tiyang-tiyang wau boten nate kesandhung,


Dhuh Yehuwah, punapa dhateng lepen-lepen, punapa dhateng lepen-lepen timbuling bebendu Paduka punika? Punapa saganten ingkang Paduka dhawahi bramatya Paduka punika, dene Paduka ngantos nitih kuda saha kreta kaunggulan Paduka?


Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara-samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.


amargi kula sampun sami mireng wartos bab anggenipun Sang Yehuwah ngasataken toyanipun seganten Teberau wonten ing ngarsa panjenengan, nalika panjenengan tindak medal saking tanah Mesir, punapa dene pandamel panjenengan dhateng ratunipun bangsa Amori kekalih ingkang wonten ing sabrangipun benawi Yarden, inggih punika Prabu Sihon lan Prabu Og, ingkang sampun panjenengan tumpes.


Nanging para imam kang ngusung pethi prasetyaning Yehuwah iku padha mandheg ana ing gasikan ing tengahing bengawan Yarden; dene wong Israel sabangsa kabeh padha nyabrang ana ing gasikan, nganti kabeh wus padha nyabrang ing bengawan kono.


amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngasatake bengawan Yarden ana ing ngarepmu, temah kowe padha bisa nyabrang, padha kaya kang ditindakake Sang Yehuwah Gusti Allahmu tumrap Segara Teberau, kang diasatake ana ing ngarepku kabeh, temah aku padha bisa nyabrang,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan