Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 14:2 - Kitab Sutji

2 “Wong Israel iku padha sira prentahana supaya bali lan nuli padha lerena ana sawetane Pi-Hakhirot ing saantarane Migdol karo sagara, kaprenah penere Baal-Zefon ing pinggir sagara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 14:2
9 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:


Ing kono pringon bakal ngarani yen Israel padha bingung kesasar ana ing nagara kene, padha kapepetan ing pasamunan.


Anadene wong Mesir, sakehe jaran lan kretane Sang Prabu Pringon, prajurit jaranan lan wadya-balane, padha nututi wong Israel, anggone katututan nalika padha leren ana ing pinggir sagara, cedhak Pi-Hakhirot ing sangarepe Baal-Zefon.


Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia kanggo sakehing wong Yehuda kang manggon ana ing tanah Mesir, ing Migdol, ing Takhpanhes, ing Memfis lan ing tanah Patros:


“Wartakna ana ing Mesir, lan kandhakna ana ing Migdol! Kandhakna ana ing Memfis lan ing Takhpanhes! Tuturana: Nataa gelar lan samektaa, amarga ing saubengira wus gusis, kamangsa ing pedhang!


mulane lah Ingsun dadi mungsuhira lan mungsuhe cawanganing bengawanira sarta tanah Mesir bakal Sundadekake reruntuhan lan sepi mamring wiwit saka ing Migdol nganti tekan ing Siene, malah nganti tekan ing tapel-watese tanah Etiopia.


Bareng leluhurira wus padha Sunirid metu saka ing tanah Mesir lan sira wus padha tekan ing segara, wong Mesir banjur padha nututi para leluhurira kalawan bala kretan lan jaranan nganti tutug ing Segara Teberau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan