19 Sang Malaekate Gusti Allah kang maune tindak ana ngarepe bala Israel, banjur pindhah tindak ana ing burine, lan tugu mega iya mangkono uga, mingsed saka ngarep banjur ngadeg ana ing burine.
Mangkono dadine tugu mega mau mapan ana ing antarane bala Mesir lan bala Israel. Sarehne tugu mega mau njalari peteng, mulane kang siji ora bisa nyedhaki sijine, ing sajroning sawengi iku.
Nanging samengko wis, sira lungaa, bangsa iku kairida menyang panggonan kang wus Sundhawuhake marang sira, lan malaekatingSun kang bakal lumaku ana ing ngarepira; nanging ing dina piwalesingSun, Ingsun bakal paring piwales tumrap dosane marang wong-wong iku.”
Lah angognmu padha metu bakal ora kalawan kesusu tuwin ora bakal kaya keplayu, amarga Pangeran Yehuwah bakal lumampah ana ing ngarepmu, sarta Gusti Allahe Israel bakal dadi panutuping barisanmu.
Manawa mangkono pepadhangira bakal mlethek kaya bangbang wetan tuwin tatunira bakal enggal waras; kabeneran bakal dadi baris ana ing ngarepira lan kamulyaning Yehuwah dadi baris ana ing burinira.
ing salebeting karupekanipun sadaya. Sanes duta utawi utusan, nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari; Panjenenganipun ingkang nebus margi saking tresna tuwin welasipun. Ing jaman kina sami dipun junjung saha dipun gendhong.
Juru panrobos bakal lumaku ana ing ngarepe; padha nrobos lan liwat ing gapura lan bakal metu saka ing kono. Ratune bakal tindak terus ana ing ngarepe, sarta Pangeran Yehuwah piyambak tindak ana ing pucuke pabarisan!
Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal ngayomi marang para isine Yerusalem, dalah panunggalane kang kajengklok bakal dadi kaya Sang Prabu Dawud sarta kulawargane Sang Prabu Dawud bakal padha dadi kaya Gusti Allah, kaya Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, kang dadi pangajenge.
Ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, saha Sang Yehuwah nyembadani panyuwun kawula, lajeng ngutus malaekat ingkang nuntun kawula sadaya saking tanah Mesir. Sapunika kawula sami wonten ing Kadesy, nagari ingkang kaprenah wonten ing tapel-watesipun talatah paduka.