PANGENTASAN 14:18 - Kitab Sutji18 Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun wus nedahake kaluhuraningSun marang Pringon, kretane lan wadya-balane jaranan.” Faic an caibideil |
Sira mangkat nglawan umatingSun Israel kayadene mendhung kang nutupi salumahing bumi. Ing dina kang wekasan iku bakal kelakon lan Ingsun bakal ngirid sira nglawan marang tanahingSun, supaya para bangsa padha wanuh marang Ingsun, yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing ngarepe, heh, Gog.