PANGENTASAN 14:17 - Kitab Sutji17 Dene Ingsun, lah Ingsun bakal muguhake atine wong Mesir, temah padha nututi wong Israel, sarta Ingsun bakal nedahake kaluhuraningSun marang Pringon sabalane, kretane sarta balane jaranan. Faic an caibideil |
Munia: He gunung-gununge Israel, ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah Allah! Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang gunung-gunung lan tengger-tengger, marang jurang-jurang lan lebak-lebak: Lah Ingsun bakal ndhatengake perang marang sira sarta Ingsun bakal ngrusak tengger-tengger panggonanira saos kurban.