Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 14:15 - Kitab Sutji

15 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Yagene sira sesambat marang Ingsun? Wong Israel padha prentahana supaya padha mbanjurake lakune.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 14:15
9 Iomraidhean Croise  

Nanging Pangeran Yehuwah kang wus nuntun sira kabeh saka ing tanah Mesir kalawan kekiyatan kang gedhe, kalawan ngacungake astane, iku kang kudu sira bekteni, iku kang kudu sira sujudi lan sira sembah lan kang kudu sira caosi kurban,


Kelakone iku mau marga wong Israel wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, kang wus nuntun saka ing tanah Mesir, kaluwaran saka ing pangwaose Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir, lan marga saka anggone wus padha nyembah marang allah liyane,


Nabi Yesaya banjur nyebut marang Pangeran Yehuwah, lan Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake ayang-ayangan kang wus mangisor ana ing bencet gaweane Akhas iku banjur bali mundur maneh sepuluh tapak.


Paduka ngudaneni kesrakatipun para leluhur kawula wonten ing tanah Mesir, saha miyarsakaken pasambatipun wonten ing pinggiripun seganten Teberau.


Pangeran Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng bae.”


Dene mungguh sira, angkaten tekenira lan acungna marang ing sadhuwure sagara, piyaken banyune; supaya wong Israel padha lumaku ana ing gasikan ing tengahe sagara.


Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Punapa ingkang badhe kawula tandukaken dhateng bangsa punika? Sakedhap malih kawula temtu dipun benturi sela!”


Tumuli Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Sira ngadega, yagene sira kok ungkeb-ungkeb mangkono?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan