Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 14:14 - Kitab Sutji

14 Pangeran Yehuwah kang bakal nyarirani perang nyulihi kowe, dene kowe bakal padha meneng bae.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 14:14
25 Iomraidhean Croise  

lan nguwuh-uwuh: “Sami mirengna, dhuh para sadherek ing Yehuda sadaya tuwin para ingkang manggen ing Yerusalem saha Gusti kawula Sang Prabu Yosafat; makaten pangandikaning Yehuwah dhumateng panjenengan sadaya: Sira aja padha wedi lan aja padha giris marang bala kang gedhe iki, amarga dudu sira, nanging Gusti Allah kang bakal perang.


Ing sajroning peperangan iki sira ora usah padha perang. He Yehuda lan Yerusalem, padha ngadega bae ana ing papanira, lan padha ndelenga kepriye anggone Pangeran Yehuwah paring kaunggulan marang sira. Sesuk sira padha mapagna wong-wong iku, Pangeran Yehuwah bakal nunggil kalawan sira kabeh.”


Sakehe karajan ing nagara-nagara liya padha katempuh ing pagiris, nalika krungu bab anggone Pangeran Yehuwah perang nglawan para mungsuhe Israel.


Sawuse kabeh dakulatake, aku tumuli ngadeg mituturi marang para pemimpin lan para panggedhe tuwin wong akeh liyane: “Sampun sami ajrih dhateng tiyang-tiyang punika, sami engeta dhateng Gusti Allah ingkang mahaagung lan nggegirisi sarta sami nglampahana perang nglabuhi sadherek-sadherek panjenengan, para putra panjenengan jaler estri, garwa panjenengan lan pemahan panjenengan.”


Manawi mireng swaraning kalasangka, nunten sami nglempaka murugi kula. Gusti Allah kita ingkang badhe nyarirani perang kita!”


Wonten ing ngajengipun para leluhur wau, Paduka miyak seganten, temah sami saged nyabrang, medal ing gasikan wonten ing satengah-tengahing seganten wau. Nanging ingkang sami mbujeng Paduka cemplungaken ing teleng kados sela wonten ing toya ingkang ngebat-ebati.


Anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi mabenana tiyang ingkang sami mabeni kawula, mugi merangana tiyang ingkang sami merangi kawula.


Allah kita bakal rawuh lan ora kendel bae, ing ngarsane ana geni kang memangsa, ingayap ing prahara kang nggegirisi.


Masmur anggitane Asaf: sawijining kekidungan.


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Yagene sira sesambat marang Ingsun? Wong Israel padha prentahana supaya padha mbanjurake lakune.


Rodhane kreta didadekake miring njalari rekasa banget majune, temah wong Mesir banjur padha sapocapan: “Payo padha lumayu bae ninggal wong Israel, awitdene Pangeran Yehuwah kang nyarirani perange nglawan wong Mesir.”


Pangeran Yehuwah iku prawira ing perang; Yehuwah, yaiku asmane.


Awit mangkene pangandikane Pangeran Allah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Sarana mratobat lan sumarah sira bakal padha kaparingan slamet; kakuwatanira iku dumunung ana ing ayem lan kumandel.” Nanging sira padha ora gelem,


Becik manawa wong nganti-anti marang pitulungane Sang Yehuwah kalawan sabar.


Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang ngirid lakumu iku, kang bakal nyarirani perangmu, patrape kaya kang wus ditandukake marang kowe nalika ana ing tanah Mesir lan iku iya padha koksipati,


marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang tindak nyarengi lakumu lan nyarirani perangmu nglawan mungsuhmu, awit karsane arep maringi kaunggulan marang kowe.


Mulane aja wedi, marga Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang nyarirani perangmu.”


Sang Yehuwah banjur damel kisruhing mungsuh ana ing ngarepe wong Israel, temah Senapati Yusak njalari mungsuhe padha kasoran banget ana ing sacedhake Gibeon, tumuli padha dioyak ana ing dalan kang ngener marang ing unggah-unggahan ing Bet-Horon, panggecake nganti tumeka ing Azeka lan ing Makeda.


Durung tau ana dina kang kaya mangkono mau, saprana-saprene; dene Sang Yehuwah nganti midhangetake panyuwune manungsa kang kaya mangkono, amarga Sang Yehuwah piyambak kang nyarirani perange wong Israel.


Sakehe ratu iku mau lan nagarane padha ditelukake dening Senapati Yusak ing sajrone salampahan bae, amarga Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel kang nyarirani perange Israel.


Wong siji bae panunggalanmu bakal bisa mburu wong sewu, awit dene Sang Yehuwah Gusti Allahmu piyambak kang nyarirani perangmu, kaya kang wus dadi prasetyane marang kowe.


lan kowe padha weruh dhewe apa kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah Gusti Allahmu marang sakehe bangsa ing kene marga saka kowe kabeh, sabab Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu iku kang nyarirani perangmu.


Lintang-lintang ing langit padha nempuh perang, padha nglawan Sisera saka ing dalaning kalangane.


temahan padha miris atine, awit pangucape: “Gusti Allahe bangsa iku wis rawuh ana ing pakemahan,” lan kawetu tembunge: “Bilai kita, amarga sadurunge, durung tau kelakon kang kaya mangkono iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan