Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 14:12 - Kitab Sutji

12 Kula rak sampun sami matur dhateng panjenengan wonten ing Mesir: Kula mugi panjenengan kendelaken kemawon, kajengipun kula sami ngawula dhateng tiyang Mesir tinimbang kaliyan pejah wonten ing pasamunan punika.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 14:12
11 Iomraidhean Croise  

Para leluhur kawula nalika wonten ing tanah Mesir, sami boten mangertos dhumateng kaelokan Paduka, sami boten enget dhateng agenging sih-kadarman Paduka, malah sami mbalela dhumateng Ingkang Mahaluhur, wonten ing pinggiripun seganten Teberau.


Kacarita bareng Sang Prabu Pringon wus nglilani wong Israel lunga, Gusti Allah anggone ngirid lakune ora metu ing dalan kang anjog ing tanahe bangsa Filisti, sanadyan dalan iku kang cedhak dhewe, sabab pangandikane: “Bangsa iku manawa katempuh ing perang aja nganti keduwung, temah padha bali menyang ing Mesir.”


Samengko pasambate wong Israel iku wus sumengka marang ing ngarsaningSun; sarta Ingsun wus nguningani kerasing panindhese wong Mesir marang umatingSun.


banjur padha matur mangkene: “Pangeran Yehuwah mugi nguninganana pandamel panjenengan sarta maringi paukuman dhateng panjenengan, margi panjenengan sampun sami ndadosaken bacin nama kula sadaya wonten ngarsanipun Sang Prabu Pringon saha para abdinipun, lan margi saking makaten panjenengan prasasat nyepengi lading dhateng tiyang-tiyang punika kangge mejahi kula.”


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:


Efraim wus sakuthon karo brahala-brahala, ujanen bae!


Ingkang punika, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mundhut nyawa kawula, margi langkung sae kawula pejah tinimbang kaliyan gesang.”


Bareng srengenge wus katon, Gusti Allah ndhatengake angin wetan kang panas banget, temah sorote srengenge mau gawe gerahe mustakane Nabi Yunus; Nabi Yunus banjur ambruk lan ngajap supaya seda, pangandikane: “Luwih becik aku mati bae tinimbang urip.”


“Paduka tumut-tumut punapa kaliyan kawula, dhuh Gusti Yesus saking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhe nyirnakaken kawula? Kawula mangretos Paduka punika sinten: Ingkang asipat suci, kagunganipun Allah.”


lan mbengok seru: “Paduka preduli punapa kaliyan kawula, dhuh, Gusti Yesus, Putraning Allah ing kang Mahaluhur? Demi Allah sampun ngantos niksa kawula!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan