Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 14:11 - Kitab Sutji

11 sarta ature marang Nabi Musa: “Punapa amargi ing Mesir boten wonten kuburanipun, kula kok lajeng panjenengan bekta, supados sami pejah wonten ing pasamunan punika? Punapaa dene kula sami panjenengan damel makaten, panjenengan irid medal saking tanah Mesir?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 14:11
14 Iomraidhean Croise  

Rama Israel banjur ngandika: “Yagene kowe nganti padha gawe susahing atiku, ndadak ngandharake marang panggedhe mau, yen kowe isih padha duwe adhi maneh?”


Kacarita bareng Sang Prabu Pringon wus nglilani wong Israel lunga, Gusti Allah anggone ngirid lakune ora metu ing dalan kang anjog ing tanahe bangsa Filisti, sanadyan dalan iku kang cedhak dhewe, sabab pangandikane: “Bangsa iku manawa katempuh ing perang aja nganti keduwung, temah padha bali menyang ing Mesir.”


Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”


banjur padha matur mangkene: “Pangeran Yehuwah mugi nguninganana pandamel panjenengan sarta maringi paukuman dhateng panjenengan, margi panjenengan sampun sami ndadosaken bacin nama kula sadaya wonten ngarsanipun Sang Prabu Pringon saha para abdinipun, lan margi saking makaten panjenengan prasasat nyepengi lading dhateng tiyang-tiyang punika kangge mejahi kula.”


Nabi Musa banjur wangsul sowan marang ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, sarta munjuk: “Dhuh Pangeran, kados pundi dene Paduka nandukaken kasangsaran kados makaten dhateng umat punika? Punapaa dene kawula ingkang Paduka utus?


Kacarita ing sawijining dina wong sabangsa padha ngresula ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing bab kaanane kang ora kapenak. Bareng Pangeran Yehuwah mireng bab iku, banjur duka; genine Sang Yehuwah banjur murub ana ing antarane, lan memangsa ana ing tepis-wiringe palereban.


Wondene manawi tangkep Paduka dhateng kawula kados makaten, inggih aluwung kawula Paduka pejahana kemawon, manawi kawula saestu pikantuk sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, supados kawula boten ngantos nyumerepi cilaka kawula.”


sakehe wong kang wus weruh ing kaluhuraningSun lan pratandha-pratandha mukjijad kang wus Suntindakake ana ing tanah Mesir lan ing pasamunan, mangka wus padha nyoba marang Ingsun nganti rambah ping sepuluh iki, sarta padha ora gelem ngrungokake dhawuhingSun,


Nanging esuke wong Israel saumat kabeh padha pating kedumel mapali marang Nabi Musa lan Imam Harun, ature: “Panjenengan ingkang sami mejahi umatipun Sang Yehuwah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan