Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 14:10 - Kitab Sutji

10 Bareng Sang Prabu Pringon wus cedhak, wong Israel padha sumurup yen bala Mesir padha nututi, temah padha banget wedine, ing kono wong Israel padha sambat-sambat marang Sang Yehuwah,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 14:10
23 Iomraidhean Croise  

Bareng para tetindhihing wadya-bala kretan ndeleng Sang Prabu Yosafat, banjur enggal padha ngucap: “Iku ratu Israel!” Sang Prabu Yosafat nuli dikepung arep ditempuh, nanging Sang Prabu Yosafat banjur nguwuh-uwuh lan Pangeran Yehuwah tumuli paring pitulungan marang panjenengane. Gusti Allah ngundurake para tetindhih mau saka ing panjenengane.


Paduka ngudaneni kesrakatipun para leluhur kawula wonten ing tanah Mesir, saha miyarsakaken pasambatipun wonten ing pinggiripun seganten Teberau.


Ewadene Gusti Allah mirsani ing karubedane, nalika miyarsa pasambate.


Ing sajroning karubedane iku, bareng padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing kasangsarane,


Ing sajroning karupekane mau nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing kasusahane.


Ing sajroning karubedane iku nuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing karubedane;


Sajroning karubedane mau nuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing sangsarane,


wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala, supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.


Para wong kang nglakoni piala iku apa ora ngrumangsani, yen padha memangan marang umatingSun nganti entek kaya mangan roti, lan ora nyebut marang asmane Gusti Allah?


“Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul, sarta tangane saka ing kranjanging pikulan;


Kacarita bareng Sang Prabu Pringon wus nglilani wong Israel lunga, Gusti Allah anggone ngirid lakune ora metu ing dalan kang anjog ing tanahe bangsa Filisti, sanadyan dalan iku kang cedhak dhewe, sabab pangandikane: “Bangsa iku manawa katempuh ing perang aja nganti keduwung, temah padha bali menyang ing Mesir.”


Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli nedahi sawijining kayu, iku banjur dicemplungake ing banyu mau, sanalika banyune dadi tawa. Ana ing kono banjur padha diparingi katetepan lan pranatan sarta padha dicoba dening Pangeran Yehuwah,


Dhuh Yehuwah, ing salebeting karubedan sami madosi Paduka; nalika bebendu Paduka tumempuh dhateng tiyang-tiyang wau, lajeng sami sesambat ing salebeting pandonga.


Banjur ana kang ngaturi pawarta marang tedhake Sang Prabu Dawud mangkene: “Aram sampun kekemah wonten ing wilayah Efraim,” ing kono panggalihe Sang Prabu Akhas lan atine para kawulane padha gumeter kaya hiyad-hiyuding wit-witan ing alas kang katempuh ing angin.


He sira kang manggon ana ing gunung Libanon, lan nusuh ana ing wit-wit eres! Saiba bakal pasambatira, samangsa sira nandhang lara, nandhang lara kang rasane kaya wong wadon kang lagi nglarani.


“Elinga, aja lali, yen kowe wus padha ndadekake dukane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan. Wiwit budhalmu saka ing tanah Mesir nganti tekamu ing kene iki, kowe tansah padha nglawan marang Pangeran Yehuwah.


Bareng leluhurira wus padha Sunirid metu saka ing tanah Mesir lan sira wus padha tekan ing segara, wong Mesir banjur padha nututi para leluhurira kalawan bala kretan lan jaranan nganti tutug ing Segara Teberau.


Para leluhurira tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Panjenengane tumuli ndhatengake peteng ndhedhet ana ing antarane sira lan wong Mesir, sarta ndhatengake banyu segara, satemah wong Mesir iku padha kasasaban ing segara. Mripatira wus padha ndeleng dhewe apa kang Suntandukake marang Mesir. Sawuse mangkono leluhurira padha manggon ana ing ara-ara samun nganti antara lawas.


Katresnan iku ora kadunungan rasa wedi, katresnan kang sampurna iku malah mbengkas rasa wedi, amarga wedi iku ngandhut paukuman, lan wong kang wedi iku ora sampurna katresnane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan