PANGENTASAN 13:9 - Kitab Sutji9 Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir. Faic an caibideil |
Anadene Ingsun, iki prajanjianingSun marang wong-wong mau, pangandikane Sang Yehuwah: RohingSun kang dumunung ana ing sira lan pangandikaningSun kang Sunparingake ana ing cangkemira ora bakal sumingkir saka ing cangkemira saka ing cangkeme turunira sarta saka ing cangkeme turune turunira, wiwit ing samengko nganti ing salawas-lawase, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Tampar mau dadia pepeling marang sira, supaya samangsa sira padha ndeleng iku, sira padha elinga marang sakehe pepakene Sang Yehuwah, sarta padha sira estokna, aja nganti nuruti atinira lan pamawasing mripatira maneh, kaya kang wus kerep sira tindakake, yaiku anggonira ora setya marang Pangeran Yehuwah.