Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 13:6 - Kitab Sutji

6 Pitung dina lawase kowe mangan roti tanpa ragi, ing dinane kang kapitu nganakna riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 13:6
6 Iomraidhean Croise  

Pitung dina lawase wong Israel kang ana ing Yerusalem anggone padha ngriyayakake dina gedhe mangan roti tanpa ragi kalawan kabungahan kang gedhe, dene para wong Lewi lan para imam saben dina padha ngrepekake kidung pepujian kagem Pangeran Yehuwah kalawan ngetog kakuwatan.


Sira netepana riyaya Roti Tanpa Ragi; pitung dina lawase sira kudu mangan roti tanpa ragi, kaya kang wus Sunprentahake marang sira, ing waktu kang wus katetepake ana ing sasi Abib; awit mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka tanah Mesir.


Pitung dina lawase sira padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah; ing dinane kang kapitu iya nganakna parepatan suci, sira aja padha nglakoni pagawean kang abot.”


Nem dina lawase kowe mangana roti tanpa ragi lan ing dina kaping pitune nganakna pakumpulan gedhe kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe aja padha nyambut gawe.


Ing dina sabubare Paskahan, dadi ing dina iku uga banjur padha mangan roti tanpa ragi lan gandum garangan saka pametune tanah kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan