PANGENTASAN 13:3 - Kitab Sutji3 Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi. Faic an caibideil |
Paduka nindakaken pratandha kaliyan kaelokan wonten ing ngarsanipun Prabu Pringon sapunggawanipun sadaya, tuwin rakyat ing nagarinipun, amargi Paduka mirsa, anggenipun atindak gumunggung wonten ing ngajengipun para leluhur wau. Margi saking punika Paduka ndadosaken misuwuripun asma Paduka; bab punika ugi kacihna ing dinten punika.
Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa.
Anadene nabi utawa wong olah impen mau kaukuma pati, marga ngajak murtad saka ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir lan nebus saka ing pangawulan; karepe arep nasarake kowe saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokambaha. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing satengahmu.
Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?
Amargi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, punika ingkang sampun ngentasaken kita saking tanah Mesir, papan pangawulan, sarta ingkang sampun nindakaken pratandha-pratandha mukjijat ingkang ageng punika ing sapaningal kula, punapa dene ingkang sampun ngreksa kita wonten ing sauruting margi ingkang kula ambah, saha wonten ing antawisipun sakathahing bangsa ingkang kula langkungi tanahipun.