Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 13:21 - Kitab Sutji

21 dene Gusti Allah tindak ana ing ngarepe, ing wayah awan ana ing tugu mega kang diagem nuntun lakune, lan ing wayah bengi ana ing tugu geni kang diagem madhangi, supaya padha bisa mbanjurake lakune rina lan wengi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 13:21
21 Iomraidhean Croise  

Ing wanci siyang para leluhur wau sami Paduka irid klayan tugu mega, ing wanci dalu klayan tugu latu, kadamel madhangi margi ingkang dipun langkungi.


ewasamanten boten Paduka tegakaken wonten ing ara-ara samun, margi saking palimirma Paduka ingkang ageng. Tugu mega boten kendhat-kendhat nuntun lampahipun ing wanci siyang, makaten ugi tugu latu tansah madhangi ing wanci dalu wonten ing margi ingkang dipun langkungi.


Gusti Allah nggelar mega kagawe mayungi umate, tuwin geni kang madhangi ing wayah bengi.


wong kang kesepen sanak sadulur padha diparingi papan panggonan, wong tawanan padha diluwari, temah padha rumangsa begja, nanging wong mbalela padha andhok ana ing tanah gundhul.


Margi Paduka nglangkungi saganten, sarta lurung Paduka nglangkungi nginggiling toya ingkang wiyar, nanging tapak tilas Paduka boten katingal.


ing wayah awan lakune para umat dituntun kalawan mega, ing wayah bengi kalawan padhanging geni.


Padha dipangandikani saka ing tugu mega, kabeh wus padha netepi pepengete, sarta pranatan kang diparingake.


Nanging Sang Prabu Pringon ngandika: “Pangeran Yehuwah kareben nunggal karo sira, yen ingsun nglilanana sira lunga dalah anak-anakira. Lah sedyanira iku ala!


Kacarita nalika sapasamuwane Israel lagi dipangandikani dening Rama Harun, tumuli padha madhep marang ing pasamunan, lah cahya kamulyaning Sang Yehuwah ngatingal ana ing megane.


Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”


Lah apa ta iku kang kumelun saka ing ara-ara samun kaya kumebuling kukus kasaput ing wangining mur lan menyan lan uwur wangi warna-warna saka wong dagang?


Dene samangsa budhal saka ing palereban, ing wayah awan padha kaeyuban ing megane Sang Yehuwah.


temtu badhe cariyos dhateng tiyang ingkang sami manggen ing nagari ngriki, ingkang sampun sami mireng, bilih Paduka Pangeran Yehuwah, wonten ing tengahipun bangsa punika, saha bilih Paduka sampun ngatingal dhateng bangsa punika kalayan aben ajeng, saha bilih sami kaeyuban ing mega Paduka, punapa malih anggen Paduka ngirid lampahipun punika manawi siyang srana tugu mega, manawi dalu srana tugu latu.


kang tansah ngirid lakumu ana ing dalan, milihake panggonan kang kena kokinepi, ing wayah bengi srana geni, lan ing wayah awan srana mega, kanggo nedahake marang kowe dalan kang kudu kokliwati.”


Pangeran Yehuwah piyambak kang bakal ngirid lakumu, Panjenengane piyambak kang bakal nunggil marang kowe, kowe ora bakal ditegakake lan ora bakal ditilar, mulane aja wedi lan aja semplah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan