Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




PANGENTASAN 13:19 - Kitab Sutji

19 Nabi Musa iya mbekta balung-balunge Sang Yusuf, marga iku wus mundhut sumpahe para putrane Rama Israel, pangandikane: “Besuk Gusti Allah mesthi nuweni kowe, nuli balung-balungku gawanen metu saka ing kene.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




PANGENTASAN 13:19
9 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Rama Israel banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Lah ora suwe maneh aku bakal mati, nanging Gusti Allah bakal nunggil karo kowe lan kowe bakal padha diulihake menyang tanahe leluhurmu.


Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.


Nalika tangga-teparone lan sanak-sadulure krungu pawarta yen Gusti Allah wis paring sih kamurahane kang samono gedhene iku, padha melu bungah.


Kabeh wong padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Ana nabi agung kang jumeneng ing tengah-tengah kita, sarta Gusti Allah wis nuweni umate.”


Rama Yakub lajeng tindak dhateng Mesir, wasana seda dalah leluhur kita.


Layonipun sami kabekta dhateng ing kitha Sikhem, kasarekaken wonten ing pasarean, ingkang sampun dipun pundhut dening Rama Abraham kalayan arta salaka saking para putranipun Sang Hemor ing Sikhem.


Marga saka pracaya Sang Adipati Yusuf nalika ndungkap ing sedane martakake bab bakal budhale Banisrael sarta paring piweling bab layone.


Karodene tosane Sang Adipati Yusup, kang wus digawa wong Israel saka ing tanah Mesir, iku iya disarekake uga ana ing Sikhem, ing bumi kang kapundhut dening Rama Yakub saka para putrane Sang Hemor, ramane Sang Sikhem kanthi rega satus kesitah, sarta kang banjur katetepake dadi darbeke tedhake Adipati Yusup, minangka tanah-pusakane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan