PANGENTASAN 13:17 - Kitab Sutji17 Kacarita bareng Sang Prabu Pringon wus nglilani wong Israel lunga, Gusti Allah anggone ngirid lakune ora metu ing dalan kang anjog ing tanahe bangsa Filisti, sanadyan dalan iku kang cedhak dhewe, sabab pangandikane: “Bangsa iku manawa katempuh ing perang aja nganti keduwung, temah padha bali menyang ing Mesir.” Faic an caibideil |
Dene sami lumuh mirengaken tuwin boten ngengeti dhateng kaelokan ingkang Paduka tindakaken wonten ing satengahipun; sami ngakenaken githokipun, malah sami nekad badhe mangsuli pangawulanipun wonten ing tanah Mesir. Nanging Paduka punika Gusti Allah ingkang sugih pangapunten, asihdarma tuwin ambek welasan, sabar saha agung sihsusetyanipun. Paduka boten karsa negakaken para leluhur kawula wau.