16 Pranatan iku dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger ing bathukmu, awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kita saka ing tanah Mesir.”
Punika rak sami dados para kawula Paduka, inggih umat Paduka ingkang sampun Paduka luwari srana kasekten Paduka ingkang ageng saha asta Paduka ingkang rosa.
Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsun mirsani getih mau, tindakingSun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelak kang mbilaeni, samangsa Ingsun nggebag marang tanah Mesir.
Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.
Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir.
Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang nguwalake sira saka pagawean-peksane wong Mesir.
Milanipun, dhuh Pangeran, Allah kawula, ingkang sampun ngirid umat Paduka medal saking tanah Mesir kalayan asta ingkang kiyat, saha damel misuwuring asma Paduka, kados ing dinten punika, kawula sampun sami damel dosa, kawula sampun sami nglampahi duraka.
Allahipun bangsa Israel sampun milih leluhur kita, tuwin kadadosaken bangsa ingkang ageng, nalika dados tiyang neneka wonten ing tanah Mesir, tumunten kairid medal saking nagari wau dening Panjenenganipun kalayan astanipun ingkang luhur.
Mulane pituturku iki padha simpenen ana ing atimu lan ing nyawamu, sarta padha talenana minangka pratandha ing tanganmu, padha dadia tenger ana ing sela-selane mripatmu.
Sang Yehuwah tumunten ngentasaken kawula saking tanah Mesir kanthi asta ingkang rosa saha klayan lengen ingkang kaulukaken, punapadene srana kasekten ingkang nggegirisi sarta srana pratandha-pratandha tuwin mukjijat-mukjijat.
Sabab sira elinga, yen ing biyen sira iya dadi batur ana ing tanah Mesir sarta Pangeran Yehuwah, Allahira, wus ngentasake sira saka ing kono kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake; mulane Pangeran Yehuwah, Allahira, dhawuh marang sira supaya ngriyayake dina Sabat.
nuli anakmu mau wangsulana: Kita dhek biyen padha dadi kawulane Sang Prabu Pringon ing tanah Mesir, nanging Sang Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir kalawan asta kang rosa.
Padha nyingkur marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, kang wus ngentasake saka ing tanah Mesir, padha manut marang allah liya-liyane, panunggalane para allahe para bangsa kang ana ing sakubenge, sarta padha sujud marang iku, temah damel gerahe panggalihe Sang Yehuwah.